Caturan Surakartan

Sala pancèn éndah, mula ayo padha digawé genah

  • http://bengawan.org/
  • Pérangan

  • Ngaturi Priksa

    Sedulur kabèh, aku wajib ngélingaké panjenengan babagan tandha diakritik, yaiku tandha ana sandhuwuré aksara ‘e’ kanggo nggampangaké maca. Contoné, tandha ‘è’ kanggo ukara ‘bèbèk’, ‘é’ kanggo tembung ‘kéré’ lan ‘e’ kang nglegena utawa tanpa sandhangan kanggo nulis kaya ing tembung ‘beras’. Jaréné para pinter, éjaan Basa Jawa mèlu aturané pamaréntah, rikala mutusaké paugeran kanggo nulis ing Bahasa Indonésia, yaiku apa kang sinebut Éjaan Yang Disempurnakan (EYD) taun 1972. Jaré, Basa Jawa ‘menyesuaikan’ marang aturan kuwi. Nanging, ana blog iki, aku mung arep golèk gampangé, supaya tulisan luwih komunikatip. Apa sing daktulis bisa dampang dimangertèni déning panjenengan sadaya. Nyatané, isih akèh kanca-kanca sing pinter ngendikan Basa Jawa, nanging kangèlan yèn wis tekan maca lan nulis. Iku sing dakprihatinaké awit nasibé Basa Jawa. Aku dhéwé ora mudheng, mung saderma nulis kanggo ngetokaké uneg-uneg. Mula, yèn panjenengan duwé kritik, saran utawa éguh pretikel, daksuwun kersa kirim émail utawa nanggepi tulisan-tulisanku. Nuwun (Blontank Poer)
  • Meta

Jéndral Ngingu Macan

Posted by caturan on 7th October 2009

Kabar anané macan disita saka Rumah Dinas Bupati Purworejo ora gawé kagèt atiku. Lumrah para penggedhé, wong pangkat utawa wong brèwu umuk kuwasa. Yèn mung ngopèni asu gedhé sing galak, aku wis ora gumun. Sanajan dakanggep wagu, nanging isih luwih apik tinimbang wong sing ngopèni macan utawa kéwan-kéwan sing wis langka.

Setaun kepungkur, umpamané, aku naté weruh dhéwé ana jéndral ‘pangsiunan’ sing ngingu gogor utawa macan cilik (yèn ora klèru jinisé Panthera Tigris Sumatrae). Umuré gogor, ngendikané Pak Jéndral wektu semana, isih limang wulan. Ngunjuké susu gawéyan pabrik, sebab macan iku dibethot saka biyungé awit indhil-indhil. Kaya ngapa wujud penthilé Mbok Macan, saumpama bisa caturan, si gogor sok ya wis kangèlan nyaritakaké.

Amarga Pak Jéndral ngerti yèn aku iku juru warta, aku ora wani takon akèh-akèh babagan asal-usulé gogor. Wong dhèwèké iku pinter tur duwé ilmu intelijèn, takon kedawan babagan gogor malah bisa mbilaèni, njalari kuwaliké nasibku. Mula, aku trima mung ngrungokaké critané dhèwèké, sing jaré seneng banget marang kéwan opèn-opènané iku. Sing ujaré kerep diajak gojègan lah, sing bisa kanggo ngilangi strès lah, lan sapanunggalané.

Saliyané ngopèni gogor, Pak Jéndral uga duwé ‘macan mati’. Dipapanaké ana omah sisih ngarep, macan mati sing wis dibanyu keras iku sajaké pancèn sengaja dipamèraké kanggo ngumukaké kuwasané. Nitik saka wujudé sing gedhé lan nyawang rupané, macan modar iku mènèhi pituduh yèn umuré wis ‘kliwat yuswa’ sadurungé dipatèni banjur dipisahaké antarané jerohan saka lulangé.

Kenapa aku nyebut umuk panguwasa kanggoné wong-wong sing ngopi macan kaya ngono kuwi, sebab kéwan iku wis sithik banget cacahé, mula kudu dileluri. Negara banjur nganggep perluné nglestarèkaké macan lan kabèh jinisé kéwan langka, kanthi gawé undang-undang. Sapa wongé sing ngingu utawa ndarbèni kéwan langka sing dilindungi negara tanpa duwé ijin, bisa kena pasal lan diukum kunjara.

Sapa wongé sing nganti bisa opèn-opèn kéwan mangkono, bisa dipesthèkaké wong kuwi duwé siung dawa, lancip lan lanhep, mula bisa umuk kuwasa. Embuh siung kuwi awujud pangkat kaya déné Pak Jéndral mau, utawa siung kang wujudé dluwang nganggo ndhol-ndhol akèh kaya sing diduwèni wong-wong brèwu sing pabriké pating tlècèk, sing bauné atusan tumekaning éwon cacahé.

Pangkat lan drajad bisa kanggo ngleremaké galaké hamba wet, utawa mekéwuhi yèn arep ngusut utawa njejegaké pranatan. Semono uga dluwang ndhol-ndhol akèh sing sinimpen ana suwaliké jas sing diagem para cukong, bisa kanggo ngénggokaké perkara, saka nglanggar pranatan banjur digawé dadi tumindak kabecikan, kanthi sebutan nglestarèkaké kéwan langka. Éthok-ethoké dipadhakaké kaya déné filantropis utawa sebutan sarwa becik liyané.

Kanggoné wong-wong sugih mblegedhu –embuh jéndral utawa sodagar, dhuwit Rp 50 juta iku paribasan mung slilit. Lha wong Pak Jéndral iku tumpakané montor alus larang-larang, durung kapétung pit montor Harley Davidson loro cacahé, sing durung mesthi olèh dituku satus yuta sijiné.

Mula dudu kabar kang nggumunaké manèh, yèn nganti ana kedadèyan wong sing bisa disraya kanggo nyolong macan saka kebon kéwan ing Jambi wulan-wulan kepungkur, kanthi opah ora mingsra. Tur ya dudu Éndonésa manèh yèn para penggedhéné ora akèh sing dadi maling. Saliyané macan, isih akèh kéwan langka sing diingu urip-uripan utawa dipajang sawisé diawètaké nganggo banyu keras utawa air raksa.

Manuk Kakatua, Cendrawasih, munyuk, lutung lan sapanunggalané iku klebu kéwan popilèr utawa favorit, embuh uripé, embuh kahanan matiné. Tur manèh, ana uga sing prigel èkspor Orangutan (Pongo Pygmaeus), yaiku kewan langka saka mBornéo menyang negara manca. Malah, Orangutan sing dicolong awit bayi iku diopèni, dilatih dadi petinju, banjur kanggo tontonan nèng Thailand.

Kabaré, sing nduwèni usaha ‘kethèk gelut’ kuwi malah Pak Taksin Sinawatra, mantan perdana menteri. Dadi, ora Thailand ora Éndonésa, patrapé penggedhé padha waé.

Sanajan mangkono, ana sapérangan sing njalari aku kudu ngacungaké jempol papat marang Pak Jéndral pangsiunan kuwi. Aku yakin mbolokin, dhèwèké bakal nggolèkaké jodhoné si gogor. Dhèwèké mesthi wedi yèn tumeka titi mangsané diwasa lan wis ngerti brahi durung duwé jodho, macan bisa ngamuk marang sing opèn-opèn. Lha yèn wis duwé keturunan, sing tuwa bisa dibanyu keras genti, bisa diwènehaké sedulur-seduluré utawa didol marang para cukong.

Saya akèh macan banyu kerasan diopèni wong, iku ateges wong kaya Pak Jéndral wis melu ngélingaké wong akèh supaya padha tumindak becik ana ing samadyaning bebrayan agung anèng alam donya. Sebab ala-beciké tumindak ora mung kecathet malaékat, nanging uga tangga teparo lan anak-putu: gajah mati ninggal gading, macan mati ninggal lulang.

Lho, lha suk yèn mati, Pak Jéndral bakal ninggal apa? Hmm… Apa, ya? Sajaké ninggal bandha lan weling supaya ngéling-éling tumindaké, kaya unèn-unèn becik ketitik, ala ketara….. (yèn nèng kuburan ditakoni malaékat kenapa isih ninggal cathetan ala wektu isih anèng alam donya, mesthi bakal dijawab: siyap! mboten wonten gadhing ingkang mboten benthèt!)

Tulisan iki uga kapacak ana kéné

Posted in Rerasan | 1 Comment »

Tina Mati Jalaran Setrès

Posted by caturan on 15th July 2009

Jalaran ora dirumat kanthi becik, Tina mati pirang-pirang dina kepungkur. Tina dianggep nandang setrès berat utawa édan jalaran nganti umuré nem taunan luwih mung dipapanaké akan kamar ciut lan dipakani sego wungkusan tanpa lawuh. Ana kamar kang ukurané mung 1×2 mèter, Tina kangèlan obah. Banyu kanggo ngombé utawa wisuh uga ora ana.

Sanajan umuré wis nem taunan, Tina pancèn ora disekolahaké. Tanpa wong tuwa, saben dinané Tina urip karo Toni sing umuré sangang taun luwih tuwa. Tina lan Toni padha nglakoni sekolah alam, kaya déné home schooling. Gandhèng ora ana sing mbimbing, mula sinauné mung saka wong-wong sing isih gelem nyambangi dhèwèké. Mula ora mokal, yèn kelakuané Toni luwih wasis udud klepas-klepus tinimbang liyané.

Ora mung Tina sing setrès, Toni uga padha waé nasibé. Dhèwèké sakloron ora duwé dolanan kanggo ngudhari sumpeg lan bosené marang kahanan. Tina, uga naté dipergoki njeblès-jeblèsaké endhasé ana témbok kamaré. Déné Toni, saking setrèsé uga kerep mutahaké apa sing dipangan, banjur dijupuk lan diuntal manèh.

“Gangguan kejiwaané Tina lan Toni padha persis karo sing dialami manungsa lumrah. Tina lan Toni duwé DNA sing 97,3 persèn persis karo manungsa,” ujaré Seto Wibowo, Captivity Program Coordinator dari Centre for Orangutan Protection (COP), yaiku LSM kang nggethu ngurus perlindungan Orangutan kaya Tina lan Toni iku.

Seto sakanca neliti ana ing limang bonbin sa-Indonésia, salah sawijiné ya bonbin Jurug iku. Telung dina suwéné nggatèkaké kelakuan Orangutan, saben ésuk, awan lan soré. Saliyané setrès amarga kahanan, Tina lan Toni uga kurang gizi utawa malnutrisi, mula awaké ora seger kaya samesthiné.

Sejatiné, COP wis mènèhi priksa marang para pangulawenthah bonbin iku. Malah, COP sanggup nanggung biaya kanggo nylametaké Tina lan Toni kanthi nggawé papan kang becik ana Jurug kana. Émané, COP rumangsa disepèlèkaké déning salah sawijiné Kepala Dinas. “Matiné Tina jalaran saka sikapé Bu Weni Ekayanti sing ora gelem dibiyantu,” mangkono pernyataan resminé COP.

Dina-dina iki, Toni mesthi waé tambah setrès jalaran kudu urip ijèn. Arep tilik mbah buyuté ana satengahé alas Kalimantan kana, mesthi ya ora bakal bisa. Kamangka, kéwan sing jenengé ilmiyahé Pongo Pygmaeus iku cacahé sansaya sithik. Mbiyèn, Pongo-Pongo saka mBornéo iku malah tau moncèr dadi tontonan larang ing Thailand kana.

Kanca-kancané Tony sing awaké gedhé-gedhé lan prakosa iku diajari tinju. Mbiyèné, Pongo-Pongo iku dislundupaké menyang mBangkok awit isih bayi, banjur diopèni nganti gedhé. Bareng gedhé, yan mangkono iku: ora disekolaké ana SD nanging malah diwuruki gelut banjur kanggo tontonan sing dikarciské. Percaya kena, ora uga kena, kabar-kaburé usaha tontonan tinju Orangutan iku diduwèni bekas Perdana Menteri Thailand dhéwé, yaiku Thaksin Sinawatra.

Tur manèh, bisnis kuwi raméné uga wektu Pak Thaksin dadi panguwasa negara kana. Mula, para aktivis lingkungan lan perlindungan kéwan ora bisa nembus ana kana, apa manèh njaluk baliné Orangutan kuwi mlebu Indonésia manèh.

Posted in Kasunyatan | 1 Comment »