Caturan Surakartan

Sala pancèn éndah, mula ayo padha digawé genah

  • http://bengawan.org/
  • Pérangan

  • Ngaturi Priksa

    Sedulur kabèh, aku wajib ngélingaké panjenengan babagan tandha diakritik, yaiku tandha ana sandhuwuré aksara ‘e’ kanggo nggampangaké maca. Contoné, tandha ‘è’ kanggo ukara ‘bèbèk’, ‘é’ kanggo tembung ‘kéré’ lan ‘e’ kang nglegena utawa tanpa sandhangan kanggo nulis kaya ing tembung ‘beras’. Jaréné para pinter, éjaan Basa Jawa mèlu aturané pamaréntah, rikala mutusaké paugeran kanggo nulis ing Bahasa Indonésia, yaiku apa kang sinebut Éjaan Yang Disempurnakan (EYD) taun 1972. Jaré, Basa Jawa ‘menyesuaikan’ marang aturan kuwi. Nanging, ana blog iki, aku mung arep golèk gampangé, supaya tulisan luwih komunikatip. Apa sing daktulis bisa dampang dimangertèni déning panjenengan sadaya. Nyatané, isih akèh kanca-kanca sing pinter ngendikan Basa Jawa, nanging kangèlan yèn wis tekan maca lan nulis. Iku sing dakprihatinaké awit nasibé Basa Jawa. Aku dhéwé ora mudheng, mung saderma nulis kanggo ngetokaké uneg-uneg. Mula, yèn panjenengan duwé kritik, saran utawa éguh pretikel, daksuwun kersa kirim émail utawa nanggepi tulisan-tulisanku. Nuwun (Blontank Poer)
  • Meta

Archive for June, 2009

Sugih Mung Sewengi

Posted by caturan on 26th June 2009

Sugih mung sewengi, sawisé malah wedi. Kipa-kipa ora gelem mbalèni, mengkirig mbayangaké yèn nganti mlebu mbui. Nganti pirang-pirang sasi, Mas Bandi ora tau klayaban bengi-bengi. Saben metu bengi, rumangsané kaya ana sing mbuntuti, ngetutaké saka mburi, nginthil menyang ngendi waé parané.

Arep ngilangi spion pit montoré, wedi yèn nganti kena mukmènan pulisi. Apa manèh rebuwèsé wis telat telung sasi durung dianyaraké. Ndilalah, tanggapan lagi sepi. Bisané mung nyekel gitar mélodi kanggo ngiringi lagu-lagu top forti, nanging wong Sala saiki lagi kédanan kroncong asli, rada nyirik campursari. Apes. Mas Bandi rumangsa lagi apes.

Jan-jané, gara-garané mung sepélé. Kedhuwuren mabuk ngombé ciu karo kanca-kancané, dhèwèké ora wani mulih. Wedi marang bojoné sing galaké ngalahaké asu manak, dhèwèké pilih mubeng-mubeng kutha, ngisis ing pangajab bisa ngendhokaké mendemé. Saka Kampung Sèwu, ngalor anggoné mlaku, liwat Jagalan banjur Sekarpacé, ménggok ngétan nganti tekan Palur. Mripaté sansaya blawur, Mas Bandi banjur bali ngulon lan mandheg ana pénggokan kulon kreteg Jurug. Read the rest of this entry »

Posted in Gayeng Kiyi | 5 Comments »

Suparto Brata: Blogger Sepuh Crita Nyembrèt Kutang

Posted by caturan on 22nd June 2009

Sepuluh dina kepungkur, aku olèh kanugrahan saka Pangèran Ta’ala. Nyowani Pak Harsoyo alias Pak Arjo jalaran wis suwé ora ketemu, rasané aku kaya njegur ana sajroning Umbul Mantèn ing Janti, Polanharjo. Banyuné bening, tansah anyep lan seger kanggo ciblon. Ndilalah kersaning Allah, mungkasi jagongan wong loro iku, Pak Arjo nuduhaké buku ngenani Jawa lan basa Jawa, sing pirang-pirang cacahé.

Pak Suparto Brata
Pak Suparto Brata

Gandhèng lagi kemecer ajar basa Jawa, aku nyilih siji. Dom Sumurup Ing Banyu (DSIB), novel anggitané Pak Suparto Brata dakgawa mulih, perluné arep dakwaca kanggo nyocokaké, mbokmenawa tulisan-tulisanku isih akèh sing klèru. Saliyané iku, aku butuh golèk panutan supaya tulisan-tulisanku bisa mundhak apik lan tembungé karoncé kanthi becik lan trep. Asmané Pak Parto wis suwé dakrungu, nanging durung ngerti kaya apa kara-karyané.

Mula, Dom Sumurup Ing Banyu banjur bisa sinebut dadi novel basa Jawa sing sepisanan dakwaca. Yèn crita cekak utawa tulisan-tulisan popilèr nganggo basa Jawa, aku wis tau kenal saka majalah Jaya Baya, Panyebar Semangat utawa rubrik basa Jawa ana koran-koran. Nanging, iku wis biyèn mula wektu aku isih SMP, rikala pamanku sing ngasta guru SD isih sugeng.

Lagi mbukak pirang-pirang kebèt, aku wis ngrasakaké ceblok dhemen marang tulisané Pak Parto. Juanggkrik! Dhahsyat tenan! Aluré dramatiké kepénak, lan ana pérangan-pérangan sing meksa aku kudu ngguyu ngakak. Kaya déné nonton filem James Bond, ana DSIB aku nemoni adegan wong lanang nyembrèt kutang, banjur tangané ngraman lakang, alesané sandhangan jerohan kang bahané saka nilon iku ora pantes diagem déning putri rekiblik. Mèmper-mèmper nggunakaké sèntimèn antinéolib yèn nganggo tembung cara saiki.

Kamangka, olèhé nyembrèt kutang lan grayangan menyang lakang kuwi mau mung kanggo perlu sing mligi lan sawiji, nuntasaké brahi! (Yèn kemecer pingin maca, mangga golèk dhéwé bukuné).

Saka Pak Arjo sing sejatiné jagoan sastra Jawa, aku ora mung ditepungaké Pak Parto lumantar bukuné. Ndilalah, dina Ngad utawa Akad, 14 Juni, Pak Parto dirawuhaké ing Sala déning Galeri Soedjatmoko dadi salah sawijiné pujangga Jawa kontemporèr ana diskusi babagan budaya Jawa kang jejuluk Wong Jawa Ilang Jawané. Read the rest of this entry »

Posted in Sapa Kiyi | 1 Comment »

Wong Ndhésa Ngrembug Néolib

Posted by caturan on 16th June 2009

Senthun lungguh dheleg-dheleg ana sejroning gubug. Omah-omahan saka pring kang diedegaké ana pojok sawah limalas taun kepungkur iku isih katon pengkuh, malah isih kuwat nyangga wong papat yèn para tani pinuju nunggu pariné. Mbiyèné dipayoni rapak, nanging wis limang taun diganti gendhèng jalaran wis kangèlan golèk godhong tebu dianam dadi payon.

Sawahé bera, macul seprapat pathok waé wis krenggosan. Sanajan mangsa ketiga lagèk waé anyak, nanging lomahé wis atos ora karuwan, kaya-kaya mung marakaké gowang paculé. “Saumpamané Lik Naya isih duwé kebo, mbokmenawa aku ora bakal nemoni rekasa kaya ngéné….” Senthun gemremeng. Cèrèté wis arep asat, sedhéla-sedhéla ngombé banyuné.

“Lèrèn, Thun?”

Apal karo swarané, Senthun semaur sakenané. “Sing ora kudu lèrèn ki priyé, wong lemah atosé ora mekakat, ngalahké watu lintang.”

Lik Manto sing nembé teka banjur mèlu nggloso, njèjèri Senthun. Ora nggawa pacul, tekané kono mung modhal caping karo cangkingan rantang, cèrèt lan cangkir gembrèng. Lik Manto arep ngirim sega kanggo rolasané tukang nggaru sawahé sing nganggo traktor.

“Kowé mono kepénak awaké, kuwat mbayar tukang nggaru sak nglukuné. Lha, aku sing mung bandha bau, nggaru-ngluku ya kudu udhu bau. Saumpama Lik Naya isih duwé kebo mono, aku isih bisa sraya dhèwèké,” ujaré Senthun.

“Iya, ya? Saumpama isih ana wong gelem ngingu kebo, aku ya ora kudu nganggo traktor sing séwané tikel tekuk ping teluné regané Lik Naya,” saurané Lik Manto.

“Sing gelem ngingu kebo ki ya, sapa. Dalan-dalan waé kabèh diaspal utawa dibeton, mongso suket gelema thukul. Lha keboné dikongkon mangan krikil apa? Coba, yèn galengan-galengan dadi sansaya ciut ngono kuwi, sing arep ngarit suket njur menyang ngendi? Lapangan sing mbiyèn bisa kanggo bocah-bocah angon kebo, saiki malah wis didadèkaké pasar….,” ujaré Senthun. Read the rest of this entry »

Posted in Kasunyatan | No Comments »

Ibu Milara Bayiné

Posted by caturan on 14th June 2009

Soré iku langité resik, tanpa mega. Padhang njingglang, sunaré rada kuning. Srengéngé katon éman netepi wajibé kudu angslup, malah ngutus candhik ayu ngancani warga désa sing pada lagi nglumpuk ana ngebuk. Sisih kiwa dalan ana kira-kira wong lima, kosok balèné ing buk tengen dalan luwih akèh, watara lipet teluné. Anom-sepuh, lanang-wadon, ora kèri siji-loro ibu-ibu ngemban bayi.

Sajak tentrem ayem para warga, manggon ana omah-omah anyaré sing katon sragam: ya ambané, bentuké lan warna cèté. Wujudé kaya pomahan anyar ing Kutha Sala, jinisé RSS sing dicepakaké kanggo wong sing dipeksa narima jalaran wis ora ana lemah amba, apa manèh sing murah. Jèntrèk-jèntrèk tur cilik-cilik, kaya pagupon sing nembe rampung digawé, mula kudu nèmplèk lemah.

Sadurungé mlebu dhésa anyar kuwi, anggonku numpak pitmontor rada yak-yakan. Ketemu bulak dawa, pinginé banter kaya playuné raseksa. Gasé waé prasasat ora tau disuda. Dhasar umur isih mudha taruna, drajaté mahasiswa tur ketambahan penggawéyan sing klebu peng-pengan wektu semana. Dadi wartawan, sanajan mèluné koran cilik tur ora patia kondhang, nanging wis cukup kanggo gemblèlèngan. Bayaran sithik ora nyilikaké ati, wong nyatané malah bisa dadi modhalé kemaki. Read the rest of this entry »

Posted in Kasunyatan | 1 Comment »

Opèn-opènané Pak David

Posted by caturan on 12th June 2009

Swara gedebag-gedebug kaya ora keprungu, kuping rasané buntet. Semono uga swara gendhing techno mung krasa pecicat-pecicit. Mataku mung tumuju marang polahé disc jockey sing kenès, njogèd mégal-mégol. Udelé katon mlekèk, kaosé gondhil tur cendhak, marakaké isisé kèlèk. Mata rasané nganti mecothot kaya pingin mlumpat.

Para nom-noman, lanang-wadon, pating dlajig. Sirahé gèdhag-gèdhèg. Wong tuwa-tuwa uga ora kurang akèhé, malah ana sing pethakilan ngadeg ana sandhuwuré lespèker, jejogedan kaya wong édan. Mbakyu disc jockey ngomong nganggo cara Inggris kanthi wasis, nyebut jeneng Pak David sing nembé lungguh ana pojokan. Mbokmenawa wong sing disebut jenengé mau wis lengganan lawas. Nyatané, akèh wong sing sapa aruh marang dhèwèké sasuwéné aku mlebu diskotik iku, awit rong jam kepungkur.

Pak David ora ijèn. Kancané pirang-pirang, wadoné uga ora kurang. Malah luwih akèh saka cacahé wong lanang sing ngancani Pak David. Méjané kebak gelas lan gendul. Sajaké, blanjané ora ècèran. Pisan-pindho, Pak David nengah dikancani telu utawa papat wanodya ayu-ayu, njogèd ana mestèr alus banget sing sajak bisa murup, kamangka mung kena cemloroté lampu-lampu spot sing pating grandhul. Padhangé ora mekakat, jaréné iku jinisé lampu laser.

Saka panggonanku lungguh, watara limang mèter ana sakiwa mejané Pak David sakanca, mataku tumuju marang bocah wadon, sing awit mau lungguh waé, ora tau menyat apa manèh ngancani njogèd Pak David. Mung lungguh mèsam-mèsem, clegak-cleguk ngombé banyu sing diiling saka gendul, nanging sajak katon paling ketengen déning Pak David. Nyatané, ya mung bocah iku sing awit mau diambungi pipi lan bathuké, paling kerep dielus-elus rambuté. Umuré kira-kira selawé taun, nyandhangé rada béda tinimbang wong-wong wadon sing ana sakiwa-tengené.

Pisan-pindho, aku konangan lagi nggatèkaké dhèwèké. Ora nganggo mèsem, apa manèh ngguyu. Malah, dhèwèké terus ndhungkluk saben bubar ngonangi aku nyawang dhèwèké. Sanajan ngiling ombén-ombèné rada kerep, nanging ora klepas-klepus kaya wong-wong wadon liyané. Sajaké pancèn ora doyan udud. Aku banjur mikir, aja-aja bocah iku anaké Pak David. Yèn nyawang umur-umurané, bocah iku pancèn luwih pantes dadi anak mbarep utawa nomer loroné.

Aku menyat, niyat nguyuh karo pingin raup. Wis limang gendul ngombe banyu putih, sebab aku rumangsa kudu njaga awak. Sing jenengé nèng njero papan nganggo AC sing njekut adhemé, ora becik yèn nganti kurang banyu. Gurung uga gampang garing, nèng telak ora énak, apa manèh ududku wis ngentèkaké luwih saka karotengah pak.

“Mas…”

Aku kagèt, metu saka peturasan wis dicegat wong wadon sing jebul dakgatèkaké awit mau. Durung sida semaur, bocah iku ngulungaké dluwang sasuwèk, sing banjur daktampani. Bocahé lunga klépat, ndhisiki lakuku tumuju ana palungguhané sakawité. Ora pamit, nolèh waé ora.

Watara jam telu ésuk, aku mulih. Kanca-kancaku mung ngeteraké mulih, banjur padha nerusaké laku, jaré pingin madhang sega Padang neng Pasar Senèn. Aku ora mèlu, jalaran wis ngantuk pingin énggal turu. Sésuk ésuk kudu mlebu, netepi wajibé wong mburuh luru rejeki supaya terus lumintu.

Ana kamar indekosan, aku kelap-kelip dhéwé. Dadi angèl turu, kelingan bocah mau. Aku ndudut dluwang saka kanthongan kathok. Dakwaca, dhèwèké mènèhi nomer tèlpun, lan aku dijaluk nèlpun dhèwèké sésuk soré.

“Hai…. Mas, panjenengan sing kula panggihi wau dalu nggih, Mas?” Swarané cemengkling, grapyak. “Kula Dhani, sing wau dalu ngréncangi Pak David.”

“O…nggih. Kula Doni. Wonten napa kok nilari nomer tèlpun dhateng kula?”

“Dalu niki longgar mboten? Menawi jam-jam pitu kepanggih wonten Bènhil kersa?” ujaré Dhani.

“Kula mboten janji saged dugi jam pitu pas. Kula nembé saged wangsul jam setengah pitu saking Cikini,” jawabku.

“Mboten napa-napa. Kula tengga wonten rumah makan Seulawah, ngajengé Rumah Sakit Angkatan Laut,” jawab dhèwèké.

Wis nyedhaki jam wolu aku lagi bisa tekan Bènhil, ndilalah aku rada telat metu saka kantor. Dhani wis lungguh, mesthiné rada suwé. Nèng méja wis cumepak sega lan lawuh manéka warna. Uga ana masakan andhalan, yaiku iwak hiu sing wujud masakané nganggo duduh kuning kaya opor.

Dhèwèké ngulungaké tangané, nyalami aku kanthi mbalèni nyebut jenengé. Semono uga aku, sepisan manèh nyebut jenengku, sanajan wis kenalan liwat tèlpun. Sinambi mangan, ngobrolé ngalor-ngidul sajak kaya wis kenal suwé. Saka pitakonan standar racaké wong sing lagi kenal, banjur takon asal-usul lan jatidhiri. Cekaké, aku banjur akrab lan rembugané wis ora tau nggunakaké basa alus manèh.

Sésuké lan dina-dina saterusé, aku banjur kerep telpun-telpunan karo dhèwèké. Grapyak, lan ngatonaké yèn dhèwèké ora pantes dadi cah nakal kaya sing kerep dakbayangaké. Dasaré asalé saka ndhésa sing kurang pangertèn donyané wong kutha, aku gampang mbiji ala marang wong-wong sing seneng klayaban wengi-wengi, apa manèh menyang papan sing mbiyèné kaceluk kanthi aran nite club. Nganti tumekané sawijining dina, dakwanèkaké takon luwih marang dhèwèké.

“Pak David iku bapakmu, ya?”

“Dudu! Apa pancèn perlu mangertèni sapa dhèwèké?” mangkono wangsulané.

“Ya wis, dhing, ora dadi ngapa. Aku ora arep mèlu ngerti urusanmu,” aku ganti mangsuli.

“Gak papa, kok. Timbang malah klèru tampa, mendhing dakkandhani waé. Pak David iku sing ngopèni aku,” ujaré Dhani.

“Lho, apa kowé wis ora duwé wong tuwa, banjur awakmu diopèni déning Pak David?”

“Piyé to, Mas?” ujaré dhèwèké.

“Piyé apané? Yèn Pak David gelem ngopèni awakmu, kamangka dudu wong tuwamu, apa kowé ora klebu wong begja?”

“Ndhésa tenan panjenengan, Mas! Jan-jané ora ngerti apa éthok-éthok ora ngerti?” swarané Dhani krasa rada anyel.

“Ora ngerti apa ta? Aku sansaya bingung….”

“Diopèni iku ya diopèni. Diingu! Kaya digundhik, diselir kaya para ndara nèng njero kraton kaé, lho….!” ujaré Dhani, njlènthrèhaké kahanané.

Aku bingung. Arep ngomong apa dadi kangèlan, lambé rasané kaya didondomi.

“Kok meneng?!? Gela, ya? Ora papa, Mas, aku bisa maklum lan mangertèni, kok. Yèn arep nesu banjur wegah kenal karo aku ya ora papa. Tapi aku percaya, panjenengan wong lanang sing ora kaya mangkono. Aku wis kenal wong lanang akèh banget lan duwé kelakuan kang manékawarna. Aku yakin, panjenengan ora kaya wong-wong sing wis dakkenal. Mula aku wani blaka jalaran rumangsa bisa percaya.”

“Hmmm……Kok….,” jawabku.

“Aja mikir werna-werna. Sanajan dadi wong sing diopèni, Pak David apik banget karo aku. Ora tau nglarani, apa manèh daksiya. Dhèwèké mènèhi jatah sasèn kanggo indekos, lan aku isih bisa kerja sanajan mung ana rental komputer sing uga nyéwakaké kanggo internètan.”

“Mosok ngopèni ora duwé pamrih? Paling ora, dhèwèké mesthi butuh kowé, butuh awakmu, ta?” pitakonku sajak nlesih.

“Percaya kena, ora ya wis lumrah. Aja manèh ngeloni, grayang-grayang waé ora tau. Yèn nèng diskotik waé sajak umuk ngambungi, kamangka niyaté mung nylametaké aku supaya ora dioyak-oyak wong lanang sing duwé karep lan nuruti nepsu.

Dak critani ya, Mas… Mbiyèn aku tau kerja dadi waitress ana diskotik kuwi sawisé telung sasi ora éntuk gawéyan ana Jakarta. Bos-é diskotik iku tau ngoyak-oyak aku, malah tau arep ngruda peksa sawisé bubaran. Pak David iku sing ngonangi. Aku diajak lunga, banjur ditakoni akèh-akèh,” ujaré.

“Lha kok apikan temen to, sing jenengé Pak David iku?” pitakonku. Isih gumun campur sujana.

“Aku tau niyat nyaur utang budiku awit rumangsa slamet amarga pitulungané. Aku nyéwa kamar hotèl, Pak David dakundang supaya mara. Dhèwèké teka, aku wis wuda, banjur pasrah marang dhèwèké. Sakjané, Pak David ya wis arep gelem, nanging wurung sawisé aku matur dhèwèke, yèn prawanku sengaja dakaturaké jalaran wis nylametaké aku saka pokalé bos diksotik iku.

Pak David malah nesu-nesu. Ngaku nakal, nanging ora arep melu-melu bejat ngrusak uripku……”

Gumun. Tetep durung bisa percaya. Siji, durung kenal suwé Dhani, lan kaping pindhoné, durung bisa nampa crita yèn ana Jakarta isih ana wong apik. Sing padha dandan necis waé jebul thokmis, sing kalungan serban nyatané uga akèh sing seneng golèk mangsan, apa manèh sing padha duwé panguwasa. Ngakuné waé apik-apik, sing dituduhaké sing sarwo becik, kamangka kelakuané licik, ambuné uga luwih pesing tinimbang uyuhé genjik.

Posted in Waton Ngablak | 2 Comments »

Seniwati Wagu

Posted by caturan on 11th June 2009

Luwih sepuluh taun kepungkur, aku tau dionèk-onèkaké déning seniwati saka mBetawi. Jalarané sepélé, aku nuduhaké panggonan kang ora mathuk karo karepé. Jujur waé, wektu semana aku ora wani piya-piyé, apa manèh aku gumun marang karya-karyané. Apik lan pantes disawang, tur kerep bisa gawé kèliné rasa kanggoné sing ndelok. Nyuwun dimaklumi, jenengé waé nge-fans…

Apa manèh, wektu iku dhèwèké klebu seniwati sing kendel. Mèh kabèh isi sandiwarané ngemu protès marang kahanan, utamané ditujokaké marang pemerintahané Soeharto. Pentas-pentasé kerep dicekal utawa ora olèh ijin saka kantor pulisi, utawa dioyak-oyak déning tentara jalaran pedhes protèsé.

Seniwati kuwi duwé dhasaran kang kuwat. Pancèn wong sugih, mula dhèwèké bisa pentas menyang pirang-pirang kutha kanthi ragad dhéwé, saumpama kurang sponsoré. Kamangka, ora sithik paraga lan wadyabalané. Butuh ragad, ora mung kanggo ngebis utawa nyepur, nanging kanggo ngurusi wadhuk supaya ora ana swara koor.

Bab aku dionèk-onèkaké, larah-larahé mangkéné: Awan-awan sawisé mungkasi pentas wengi sadurungé, seniwati iku ngajak sakancané dolan menyang Kedungombo. Aku dijaluk mèlu numpak montoré, perluné nuduhaké dalan menyang Kedungombo. Montoré kebak, sing numpak para seniman/seniwati saka mBetawi.

Nggeblas saka Sala wis sawetara wektu, sawisé mangan awan. Nusukan ngalor bablas, banjur menggok mangiwa sadurungé Sumberlawang. Cekaké, rombongan mBetawi mau daktuduhaké Waduk Kedungombo, papan piknikan anyar, sing mbiyèn dadi papané Soeharto ngresmèkaké blumbang raksasa.

Kok, ke sini? Mau ngapain?” ujaré seniwati iku. Rada nyenthé, nanging aku ora wani ngulati rupané. Aku wis apal wujudé, yèn pas ngonoiku biasané mripaté mentholo, sajak kaya arep ucul-ucula kaé putihané.

Lho, katanya mau lihat Kedungombo? Ya di sini ini tempatnya,” jawabku.

“Ngapain lu tunjukin tempat beginian ke gua?!? Gua kemari bukan mau piknik…!!!

Suarané tambah ngetril, atiku mengkeret dadi saupil. Arep ndalil, aku ora wani tinimbang diarani pokil. Ya wis, aku meneng waé. Ndepipil sinambi golèk-golèk jawaban sing ora marakaké tembungé ngetril.

Sauntara wektu, atiku wis bisa ditata. Banjur aku mènèhi jawaban sing ora diréka-réka. “Lha yang dimaui Mbak itu kemana? Dari tadi kan belum cerita tujuannya mau kemana, dan tahunya saya, Mbak mau ngajak teman-teman wisata.”

Gua itu pernah ngirim banyak buku buat anak-anak di sini, waktu waduk belum ditenggelemin dan penduduk masih diintimidasi tentara!

Ooo… Aku ora ngerti yèn Mbak Seniwati iku dermawati sing isih duwé ati lan rasa welas asih lan tresna marang sapadha-padha. Dakpikir ora kaya mangkono, wong aku kerep mangertèni piyé anggoné dhèwèké nggetak, ngonèk-onèkaké lan daksiya marang para paraga sandiwara lan wadyabala. Aku waé isih kerep bingung marang dhèwèké. Karyané apik, mihak marang wong cilik lan sing katindhes, nanging yèn karo anak buahé, galaké ngalahé babon angon kuthuké.

“Nama desanya apa?” pitakonku marang Mbak Seniwati.

Gua lupa. Pokoknya Kedungombo, namanya pakai Su…Su… atau apalah! Pokoknya, mana daerah yang pakai Su!

“Kemusu, ya?”

“Ya, itu dia, Kemusu! Kita kesana aja sekarang….”

“Wah, kalau itu jauh, Mbak. Kita mesti balik arah lagi, karena Kemusu itu di sebelah barat kita. Kalau dari sini, saya tak hafal jalannya. Takutnya nyasar, karena jauh dari kampung,” aku nyoba njelasaké.

Ya, sudah… Kita balik saja ke penginapan.

Ana ndhuwur montoré, seniwati siji iku terus ndremimil, nyalahaké aku. Dhèwèké crita marang anak buahé, yèn mbiyèn tahu ngirim buku akèh kanggo warga korban Waduk Kedungombo, mliginé katujokaké kanggo bocah-bocah sing kangèlan sekolah.

Ana yèn karotengah jam suwéné, aku ngrasakaké sumuk sing ora ana watesé. Ora salah nanging dionèk-onèkaké, wis ngono ana nèng njero montor isiné mung anak buahé sing mesthi bakal manthuk-manthuk marang dhèwèké. Saumpama ana sing cemuwit ngréwangi aku, mbokmenawa bakal salin babah, wong kuwi sing bakal diunya-unya genti.

Tekan Sala, atiku rada ayem. Aku ngomong sakecap, intiné mintak maap. Si Seniwati wagu ora ngguyu, ora ngrèwès. Nembé sésuké dhèwèké nyapa aku, njaluk di-afdruk-ké foto-foto péntasé. Rada sumèh, nanging aku wis kadhung anyel karo males nyawang Bethari Durga. Daksaguhi, banjur dak serahaké sadurungé rombongan mulih menyang mBetawi.

Pitung taun suwéné ora ketemu, ndilalah kok ya kepethuk ana sawijining acara kesenian nèng TIM Cikini. Daksapa, dhèwèké éthok-éthok pangling. Sawisé aku nyebut jenengku, dhèwèké kagèt, banjur nakokaké kabarku. Aku nerangaké saperluné, sebab aku paham dhèwèké mung lamis. Nyatané, durung rampung anggonku crita, dhèwèké wiss ninggalaké aku tumuju ana rombongané seniman-seniman gedhé.

Aku gumun, sing jaréné seniman iku alus ing budi lan rasa-pangrasa, jebul mung crita…..

(Mbokmenawa panjenengan gregeten pingin ngerti pawongané, kaya déné ukumé donya Googling, dakaturi bedhèkan waé supaya nemu tembung kunciné: Sapa seniwati ing Éndonésa sing mbiyèné kerep didhémo seniman jalaran wagu patrapé lan èlèk caturané? Wis, golèkana dhéwé. Aku luwih wedi marang pulisi lan jeksa, sebab isih akèh sing seneng mlintir KUHP lan UU ITE)

Posted in Rerasan | 4 Comments »

Sandhal, Babut lan Kiai

Posted by caturan on 10th June 2009

alas-kaki-kiai_6165

Wong NU kanggo nyèk-nyèkan iku wis biasa. Ora gumum. Kanggoku, wong sing dhemen ngenyèk iku ana rong werna: jalaran tresna utawa ora seneng. Nanging, wong-wong NU iku pancèn rata-rata wis kuwat imané, mula yèn mung diécé ora kagèt, ora serik. Malah kepara ndongakaké supaya sing ngenyèk diampuni dosané, diélingaké Gusti Allah supaya balik marang dalan bebener.

Sing ora seneng, biasané ngonèkaké yèn wong NU iku katrok, kampungan jalaran luwih seneng sarungan. Mbokmenawa, kathok dawa dianggep luwih apik, luwih modèren lan sapanunggalané. Kamangka, jenengé wong sesrawungan lan urip bebrayan iku ora perlu mbédak-bédakaké kesenengan.

Seneng khilafah ya sumangga, watoné ora ngèlèk-èlèk lan meksakaé karepé, apa manèh nganggo ngobat-abitaké pedhang. Ora mutu, tur wagu! Yèn khilafah ora payu, ya wis. Ora usah nesu, ora perlu mrengut. Wong bangsa Éndonésa iku senengé Pancasila, kok diajak nganggo paugeran liya. Islam iku apik, nanging ora usah kabèh diseragami, diseragamaké, apa manèh di-Islam-aké.

Kaya wong-wong NU saben weruh karpèt dianggep papan suci kanggo sujud, ya ora perlu diécé. Wong niyaté becik. Ora usah gumun, yèn wong-wong NU iku paling istiqomah, konsisten utamané babagan unèn-unèn resikan iku pérangané iman. Perkara mlebu lift sing ana babuté banjur nyangking sandhal utawa sepatuné, ya bèn waé.

Coba gatèkna gambar ana tulisan iki: atasé kiai pinunjul kaya Mbah Maémun Zubaèr, utawa Kiai Musthofa Bisri, Pak As’ad lan Mas Profesor Kacung Maridjan kersa nguculi sepatu lan sandhalé, iku ora liya jalaran para priyayi iku isih NU. Arep dianggep katrok, ndhésa lan sapanunggalané, genah ora bakal digagas. Jenengé waé para ‘alim, mula ya lembah manah.

Posted in Kasunyatan | No Comments »

Asu

Posted by caturan on 8th June 2009

Aku duwé tangga rada wagu. Ingon-ingonané asu cacahé telu. Sing siji embuh apa arané, sing loro genah cetha wéla-wéla, jinisé Dalmatian. Lorèng-lorèngé cetha kaya sapi poang utawa sapi perah, gedhéné sagedéné pedhèt umur selapan. Nanging, bedané karo sapi perah, asu lorèng iku luwih kopèn. Wuluné resik, ora kaya sapi-sapi sing akèh diingu wong mBoyolali iku.

Yèn sapi perah ora sepira resik, jan-jané ora lumrah. Wong wis mènèhi dalan rejeki kanggo sing nduwèni, kok ora dirumat kanthi becik. Nanging, yèn sing jenengé asu (Dalmation lan liya-liyané) umumé malah dirumat ngluwihi manungsa. Pakanané iwak-iwakan –dudu iwak plastik, yèn lara énggal-énggal digawa menyang dokter ahli kéwan. Pokoké, diragadi tenanan.

Malah aku tau krungu yèn asu mangkono iku uga dilatih ngambu utawa ngambus sembarang kalir, utamané ngambu jinisé panganan sing mbilahèni utawa bakal nggawé cilaka uripé si kéwan. Bakuné, aja nganti asu-asu sing dirumat kaya ngopèni anak iku gelem nguntal panganan saka wong liya.

Tegesé, wong sing duwé asu iku uga ajak-ajak marang asuné supaya duwé rasa sujanan utawa curiga marang sapa waé sing ora dikenal. Pamrihé, si asu tetep bisa njaga badha lan keslametané wong saomah. Satpam ora dipercaya, sebabé nganti saiki sing jenengé satpam isih klebu jinisé manungsa. Babagan keslametan bandha donya, asu luwih kinurmatan tinimbang manungsa.

Nanging, sing dakkarepaké tangga wagu iku mau ora liya jalaran anggoné opèn-opèn asu ora dibarengi kanthi sesrawungan sing becik. Omahé tutupan terus, rina kalawan wengi. Sapa aruh karo tangga, sangertiku ya ora tau. Embuh apa nyambut gawéné. Sanajan njaban omahé katon ora kerumat, nanging mesthiné duwé simpenan bandha ora sethithik, mula nganti diréwangi tuku asu sing regané mesthi mayuta-yuta.

Saumpama dibiji mèri, ya daktrima kanthi legawa. Ora dadi ngapa. Nyatané, sing sipaté kadonyan iku perlu, sanajan aja nganti ngawur anggoné luru.

Bali menyang perkara asu mau, anyelku marang tangga sing dakarani wagu iku, ya kuwi ora gelem ndhidhik asuné supaya duwé trapsila. Paling ora, njegog iku aja nganti dadi hobiné asuné, banjur sawanci-wanci muni mbrebegi tangga sakiwa-tengené. Wis ora pisan-pindho, asu-asu iku mau padha koor ing tengah wengi. Kamangka, ora ana glibeté maling utawa wong ana sacedhaké kono. Dadi, njegogé tanpa alesan.

Yèn mangkono iku, sing dirugèkaké ora liya kajaba tanggané. Arep turu kebribènan asu nembang, nanging sing duwé kok ya ora énggal-énggal ngélikaké asuné supaya ora gawé ramé, malah kepara ngorok waé.

Sawijining dina, aku tau nggodha asu-asu kuwi. Njegog suwé tanpa alesan, najalari aku anyel. Apa manèh aku ngerti yèn sing duwé asu lagi waé mlebu omah. Aku gedruk-gedruk ana cedhak omah iku, banjur asuné muni-muni saya ndadi. Pinginku, sing duwé metu omah banjur ngélikaké aku, sebab aku wis cepak-cepak ukara kanggo nyatru. Ditunggu karo mbebéda asu, jebul wongé ora metu. Malah aku sing banjur dadi wagu.

Sanajan ora saben dina asu-asu iku mau njegog utawa nyanyi, nanging kanggoku tetep ngganggu. Sayangé, nèng Éndonésa durung ana kedadèyan wong kaya aku bisa ngaku dadi korban, banjur mulisèkaké sing duwé utawa ngingu asu kaya iku. Wediku, tiwas nyoba adu-adu nèng kantor pulisi, malah diwalik rembugé, apa manèh sing jenengé ukum nèng Éndonésa bisa dituku.

Wis cetha, aku kalah bandha. Paribasan kanggo tuku endhog waé aku kudu krèkèl-krèkèl, tanggaku malah wis kulina blanja daging pirang-pirang kilo saben dinané, mung kanggo pakan asu. Kanggoku endhog kanggo program ‘perbaikan gizi’ kaya dhawuhé pemerintah, kana mesthi kliwat mampu kanggo tuku pasal. Wah…., pancèn sarwa répot! Karepé élik-élik, bisa-bisa dikunjara kanthi landhesan pasal <i>perbuatan tidak menyenangkan</i>.

Wis, ah…. Dak trima-trimakaké sik waé. Yèn asuné isih seneng koor, apa manèh ing tengah wengi, aku arep lapuran Pak RT supaya nglurug sing duwé. Yèn tetep mbrengkélé, aku arep golèk silihan bedhil cèlèng. Sekali-sekali, njaluk tulung mimis karo ajar titis. Endhas asuné, arep dak toltis!!!

Posted in Rerasan | 2 Comments »

Sega Sambel Teri

Posted by caturan on 6th June 2009

Wengi kuwi, rembulané katon isin anguk-anguk ana suwaliké mega. Ora mendhung, nanging sunaré rembulan ora bisa madhangi donya. Sega sambel teri ana sangarepku waé mesthiné bakalé mung kétok lamat-lamat. Begjané, mbiyèn tau ana wong sing jenengé Thomas Alva Edison, saéngga lampu plenthong utawa bolam mèrkuri ana sandhuwurku bisa ngetokaké sunar sing bisa madhangi anggonku madhang.

“Koko ndhak sukak teri yang ini, ta?”

Sukaké, sih sukak. Tapi akuné luwih sukak teri yang ndhak lembut kayak gini. Teri itu ya kayak yang dijuwal Lik To itu, lho! Sing jenis gini ini kasinen,” jawabé Koko Tam.

Cik Lin sing mauné wis bungah bisa ngenalaké panggonan sing dodol sega sambel teri marang Koko Tam sajak gela. Cik Lin rumangsa yèn sega sambel teri sing disenengi iku uga bakal disenengi Koko Tam, sedulur raketé ana Kutha Sala. Sebab sing jenengé Koko Tam iku dhemen banget marang sega teri warungé Lik To, sing durung sepira suwé ditemoni.

Koko Tam bungahé ora mekakat. Malah, paribasan saben dina ngajak Cik Lin mangan bengi cara lèsèhan ana angkringané Lik To. Sanajan wédang tèhé ora patia krasa sepeté, nanging sega sambel teriné bisa kanggo nglalèkaké kekaremané: tèh kenthel sepet wangi sing ora sepira legi.

Jaman isih urip ana ndhésa, Koko Tam paling seneng mangan asin-asinan, klebu sing jenenge teri lan sakabèhing jinisé gerèh. Apa manèh yèn teri lan gerèh iku diganepi nganggo sambel ulegané Mbah Putriné, mesthi thèlap-thèlep anggoné muluk segané.

Saking senengé marang gerèh-gerèhan, Koko Tam malah tau kondhang dadi bocah sing senengané turut sawah, utamané yèn pinuju ana nedhuni lan wiwit. Dhèwèké apal, saben lebar mangsa tandur utawa nyedhaki panènan, mesthi cepak-cepak lungguh ngebuk, matané lingak-linguk nyawang sawah.

Yèn weruh ana wong mlaku jèntrèk-jèntrèk nyunggi tampah utawa tambir karo nggendhong ténggok, mesthi ing kana bakal ana upacara nyajèni sawah. Apa manèh yèn kétok ana peluk kemutuk, bisa dipesthèkaké iku rombongané wong kirim sajèn menyang sawahé. Yèn wis mangkono iku, Koko Tam bakal njranthal, mlayu nyedhaki saperlu golèk sega gerèh.

“Koko itu gimana, ta! Aku kok didiemké terus dari tadi?!?” Cik Lin ngomong kanthi ngetril, utawa setengahé nyentak rumangsa ora digatèkaké. Dhasaré Cik Lin sing sok gampang kumat alemané, dhèwèké mbanteraké swarané supaya ora disalahaké, sebab rumangsa klèru milihaké kesenengané kancan raketé.

Kamangka, Koko Tam ora nggagas babar pisan babagan bener-klèruné utawa énak-orané sega sambel teri pilihané Cik Lin. Tegesé, dhèwèké uga seneng lan bisa ngrasakaké sega sambel teri pilihané Cik Lin. Mung arep muni matur nuwun waé durung kewetu, jalaran ya pancèn isinan babagan mblakakaké rasané. Ja’im manut tembungé wong-wong jaman saiki.

Ngadhep sega teri, Koko Tam banjur kaya diélingaké jaman cilikané, mula katoné nglamun, banjur nglirwakaké kuwajibané rembugan apa perluné, utawa gegojègan sacukupé. Jenengé waé madhang mung wong loro, mosok urip ana donyané dhéwé-dhéwé. Genah ora lucu, nanging malah tambah kétok wagu lan kurang ajaré.

“Cik, kita balik ndhèk nggoné pendhapa saja, yuk… Aku mau liak tariné,” ujaré Koko Tam, munggel wektu mangané. Ndilalah, anané réka-réka mangan iku mung sadrema kanggo ngisi wektu, nunggu wiwité tari utawa jogèdan ndhayak-ndhayakan sing paragané wis adoh-adoh mudhun saka pèrèngé Gunung Merbabu menyang Sala.

Cik Lin mecucu banjur gemreneng dhéwé. Ududé banjur dicecek, menyat ngadeg tumuju menyang pit montoré. “Aku ndhak sukak…. Ndhak sukak kaya gini ini! Mangan kok ndhak dinikmati… Dhasar Koko teri!” ujaré Cik Lin.

Diécé nganggo sebutan Koko Teri, Koko Tam uga ora semaur. Meneng waé jalaran rumangsa salah lan gagal manèh, ora bisa nyenengaké Cik Lin sing sejatiné lagi ora kepénak atiné, nanging ora tau gelem ngakoni kahanané. Koko Tam uga bingung, aja-aja Cik Lin durung sepira percaya marang dhèwèké, sing senengané éthok-éthok tumindak becik nanging jebulé ya mung aji godhong aking.


Cathetan:

Nedhuni iku upacara ngaturaké panyuwun marang Pangèran Kang Murbèng Jagad supaya pari kang tindandur bakal urip lemu-lemu, ijo royo-royo lan sempulur, diadohaké saka ama lan rubéda. Biasaé, upacara nedhuni dianakaké pirang-pirang dina sawisé tandur.

Wiwit iku upacara ngaturaké sembah panuwun marang Pangèran Kang Murbèng Jagad sing wis maringi uripé tanduran saéngga bisa ngasilaké woh-wohan sing akèh lan ngrejekèni. Upacara wiwit dianakaké paling ora sedina sadurungé dipanèn.

Tembung ndhayak-ndhayakan iku biasané dadi sebutan (setengah ngenyèk) kanggo apa waé sing dianggep ora lumrah.

Upacara nedhuni utawa wiwit biasané disarirani déning priyayi putri sing disepuhaké lan dianggep ngerti lan duwé keluwihan babagan olah kebatinan. Upacara jinis iki, saiki wis ora dilakoni déning para tani. Dudu jalaran dimungsuhi déning para santri, utamané sing seneng mbid’ah-ake lan ngafiraké marang liyan, nanging miturut aku jalaran ora ana sing nerusaké sebab ora apal donga rapalé sing uga nyebut-nyebut asmané Dewi Sri.

Posted in Crita saka Sala | 3 Comments »

Merdeka, Kok Bingung?

Posted by caturan on 1st June 2009

Durung sawetara suwé, aku weruh gapura dhésa sing macak tulisan rada nganyelaké surasané. Ing gapura sing kiwa, ana tulisan Merdeka ing sangisoré gambar lintang cacah telu. Sing tengen, tulisané nyolok rasa: Kok Bingung?. Uga ana sangisoré lintang jèjèr telu. Ngemu karep apa, aku ora mudheng. Lintang, pancèn kudu ana ndhuwur panggonané.

Gapura Bingung

Gapura Bingung

Begjané, tulisan kaya mangkono iku kapacak ana gapura ing jaman padhang. Saumpama Pak Harto isih kuwasa, Ketua RT Dhusun Kebonan, Dhésa Ngawèn, Klatèn, kuwi mesthi wis dhèdhèl dhuwèl. Sing nulis mlebu mbui, lan sing duwé ada-ada bisa dicidhuk lan dipidana sakabot-aboté. Cap Éka-Èki, èkstrém kanan utawa èkstrém kiri, NII utawa PKI mesthi ditèmplèkaké marang uripé salawasé. KTP-né uga bakal nganggo kode.

Nanging sanajan saiki wis klebu jaman padhang, padhangé ya mung isih ana tata lair utawa sarwa wantah. Aja manèh mung ngèlèk-èlèk utawa ngrasani kahanan, ngécé presidèné waé ora papa, waton ora ‘nyerang secara pribadi’. Anané gela kanggoné sing nulis tembung Merdeka Kok Bingung?, bisa uga disebabaké déning polahé pemimpin sing isih padha seneng congkrah lan gawé susah.

Mbokmenawa, warga dhésa kana pancèn wis kesuwèn ngampet kuciwa. Anyel jalaran barang-barang sarwa larang, angèl tetukon amarga rekasa golèk upa. Bisa uga, tulisan iku digawé déning kadang nom-noman sing rumangsa cukup dhuwur sekolahé, nanging kapinterané ora bisa dicakaké, amarga ora bisa nutugaké nyambut gawé. Kaya grafiti, corètan dinding ungkapan isi hati dan rasa!

Protès? Bisa waé disebut mangkono. Apa manèh yèn ngèlingi tulisan iku dianggit ana gapura dhésa, pas kanggo pèngetan dina kamardikan Éndonésa sing kaping-63, taun 2008. Protès kapacak kanthi terang-terangan, ora nganggo tèdhèng aling-aling. Tegesé, setaun bethethet ditujokaké marang pamaréntahé.

Saumpama setaun sing wis kelakon ora ana owah-owahan kang bisa dirasakaké déning warga dhésa iku, mbokmenawa tulisan kuwi bakal luwih suwé manèh kapacak. Utawa, yèn perlu malah ditambah tulisan-tulisan liyané, sing luwih nylekit lan bisa dadi gaman kanggo ngélingaké pemimpiné.

Ngetokaké uneg-uneg bisa awujud apa waé, kapan waé lan ana ngendi waé.

Nanging kapan ana owah-owahan kahanan? Wong yèn digatèkaké, ditlesih lan dipétani, polahé wong-wong sing rumangsa duwé panguwasa padha duwé patrap padha: mblendhingaké wadhuké dhéwé, kanca lan seduluré. Carané, bisa awujud dum-duman proyèk lan sapanunggalané, bakuné bisa kanggo ngundhakaké cèlèngané. Ora pemerintahé, polahé para wakil rakyaté uga ora ana bédané.

Lintang Telu Marakaké Bingung

Lintang Telu Marakaké Bingung

Mbokmenawa, ing tlatah liya uga ana warna-warna cara lan wujudé, kaya sing durung suwé iki daktemoni ana Kampung Tegal Kuniran, Sala. Warga kana ngrasani kahanan gègèran sewelas taun kepungkur, yaiku obong-obongan lan jarah-jarahan kanthi gawé reca kang dijenengi Reca Jaman Édan. Akèh sedulur keturunan China pada dadi korbané. Ana sing tumeka ing pati, ana sing dadi mlarat ngempet, lan uga ora kurang sing dadi édan.

Muga-muga, jaman kang arep kelakon dadi tambah genah, pernah lan luwih éndah.

Lintang telu, muga-muga ora dadi sasmita anané ‘jéndral-jéndral pèngsiunan’ sing durung narima kamangka wis suwé urip mulya banjur padha pethakilan, sikut-sikutan, lan ndandani negara didadèkaké alesan…..

Posted in Kasunyatan | 2 Comments »