Caturan Surakartan

Sala pancèn éndah, mula ayo padha digawé genah

  • http://bengawan.org/
  • Pérangan

  • Ngaturi Priksa

    Sedulur kabèh, aku wajib ngélingaké panjenengan babagan tandha diakritik, yaiku tandha ana sandhuwuré aksara ‘e’ kanggo nggampangaké maca. Contoné, tandha ‘è’ kanggo ukara ‘bèbèk’, ‘é’ kanggo tembung ‘kéré’ lan ‘e’ kang nglegena utawa tanpa sandhangan kanggo nulis kaya ing tembung ‘beras’. Jaréné para pinter, éjaan Basa Jawa mèlu aturané pamaréntah, rikala mutusaké paugeran kanggo nulis ing Bahasa Indonésia, yaiku apa kang sinebut Éjaan Yang Disempurnakan (EYD) taun 1972. Jaré, Basa Jawa ‘menyesuaikan’ marang aturan kuwi. Nanging, ana blog iki, aku mung arep golèk gampangé, supaya tulisan luwih komunikatip. Apa sing daktulis bisa dampang dimangertèni déning panjenengan sadaya. Nyatané, isih akèh kanca-kanca sing pinter ngendikan Basa Jawa, nanging kangèlan yèn wis tekan maca lan nulis. Iku sing dakprihatinaké awit nasibé Basa Jawa. Aku dhéwé ora mudheng, mung saderma nulis kanggo ngetokaké uneg-uneg. Mula, yèn panjenengan duwé kritik, saran utawa éguh pretikel, daksuwun kersa kirim émail utawa nanggepi tulisan-tulisanku. Nuwun (Blontank Poer)
  • Meta

Nakil Nganggo Perasaan

Posted by caturan on October 21st, 2009

Sing ngati-ati urip nèng Sala. Lena sithik bisa kena godha sing pungkasané mung tuna lan gawé gela. Apa manèh yèn sira dhemen ndadèkaké kafé lan diskotik iku papan kanggo saba. Ora usah adoh-adoh, contoné kancaku sing yèn daksebut nganggo tembungé Koes Plus klebu nakil jalaran nakalé wis kliwat saka lumrahé liyan.

Ing sawijining wengi, kancaku sing aran Senthun nembé gegojègan karo kanca-kancané. Milih papan ana pojok kafé sing ora patiya larang nanging kepénak kanggo mat-matan, dhèwèké sakanca padha cekikikan. Limun Landa pancèn wis akèh katenggak, gendul-gendulé pating gléthak ana ndhuwur meja.

Satengahé guyon lakak-lakak mau, Senthun pandeng-pandengan karo wong wédok sing lagi teka, banjur lungguh ing table liya, ora adoh saka lungguhané. Wong iku sajaké wis kencanan, nyatané tekané mrono karo kanca wédok uga, marani wong lanang setengah tuwa sing wis lungguh ijèn sawetara.

Wong wédok sijiné lungguh jèjèr karo wong lanang mau, sing katon gemati marang dhèwèké. Ora let suwé, wong loro mau padha séngak-séngok, sajak pamèr katresnan marang liyané, ana satengahé swasana kafé sing ramé nanging lampuné remeng-remeng. Sajak mèri karo kancané, cah wédok mau terus mandeng, nggatèkaké sapolah-polahé Senthun. Saben adu pandengan karo Senthun, wong wédok iku banjur mèsem.

Sajak rumangsa digatèkaké wong wédok saka kadohan kanthi èseman sajak tulus, Senthun sansaya ndadra. Dhèwèké golèk-golèk alesan, embuh kanthi cara nyanyi bengok-bengok utawa ngadeg jogèdan dhéwé, nuruti swarané penyanyi kafé kuwi. Sanajan wis rada mabuk, nanging mripaté Senthun isih awas yèn mung kanggo mangertèni polahé wong wédok mau kanthi nglirik sakedhèpan.

Senthun bungah atiné. Wengi kuwi dhèwèké rumangsa bakal olèh mangsa, bisa dolan-dolan mubeng kutha karo kenya.

Senthun banjur mlaku menyang toilèt. Niyaté éthok-éthok nguyuh, kamangka mung arep raup karo njajal kasektèné dadi Arjuna. Dhasar kulitané rada kuning, bagus, tur ya pancèn alus yèn pitutur, senthun rumangsa bisa njiret atiné wong wédok mau. Saben saraupan, Senthun banjur ngilo, mandeng rainé dhéwé. Isih bagus, rumangsané matané uga durung kétok abang.

Ora let suwé, bocah wédok mau njedhul banjur sapa aruh. “Yèyèn,” ujaré wong wédok mau karo ngulungaké tangané.

“Senthun…..,” jawabé.

“Sajak ramé temen méjamu, apa nembé ana sing ulang taun?” pitakoné Yèyèn.

“Ora kok, mung lagi cocok waé gojègané,” sumauré Senthun, sing banjur njaluk idin pamit bali menyang mejané, ngumpul manèh karo kanca-kancané. Yèyèn sajak owel, nanging ora kuwawa menggak lungané Senthun.

Senthun mbatin, wong wédok sing lagi ditinggal mau jebul pancèn ayu. Salawasé saba menyang kafé kuwi, Senthun durung tau pethukan babar pisan. Ana kafé-kafé utawa diskotik lan pub liyané, dhèwèké uga rumangsa durung tau ketemu. Atiné sansaya mbulat-mbulat, rumangsa wis kasil njiret atiné kanthi luwih kenceng.

Dhasar cah nakil, feeling-é pancèn titis. Nganti bubaran kafé, wong wédok mau ijèn nèng parkiran. Kancan wédoké sing teka bareng karo dhèwèké wis ndhisiki lunga karo wong lanang sing disusul mau.

Senthun pamit misah marang kanca-kancané, omong pingin nerusaké laku karo wong wédok sing lagi ngadeg ijèn ana parkiran. Dhèwèké nyedhaki Yèyèn, banjur nakokaké kancané. “Wis lunga dhisik, kok,” jawabé.

“Lha saiki kowé arep mulih menyang endi? Ayo dakteraké, timbang ijèn ana kéné. Timbang numpak taksi,” ujaré Senthun.

“Aku arep mulih menyang Solo Baru. Yèn ora kabotan ngeteraké, aku matur nuwun banget,” jawabé Yèyèn.

“Mangan sik waé, ya…. Aku rada keluwèn.”

Yèyèn manthuk. Senthun luwih mathuk, olèh kanca tamba ngantuk.

Sinambi mangan soto nèng Gladak, Senthun mbujuk Yèyèn supaya gelem diajak dolan-dolan ing bengi kuwi. Rada alot rembugé, jalaran wong wédok kuwi njaluk énggal-énggal mulih. Yèyèn ngaku gelem ngancani mangan jalaran dadi carané males kabecikané si Senthun sing janji ngeteraké mulihé.

Pungkasané, saking lunyuné Senthun anggoné ngrayu, wong wédok iku banjur gelem. Malah, wektu diajak nginep hotèl ya ora kabotan. Penjaluké Yèyèn mung siji, kudu digugah sadurungé jam pitu jalaran ngaku kudu budhal nyambut gawé, jam sanga mlebuné. Ditakoni ana ngendi anggoné megawé, Yèyèn mung semaur kanthi ghèdhèg. Senthun uga ora butuh jawaban samesthiné, wong niyaté ya mung kanggo abang-abang lambé.

Cekaké, bareng wis olèh kamar hotèl, Senthun terus mancing-mancing, ngrayu ngajak olah kadiwasan. Pisan-pindho rada kangèlan, nanging suwé-suwé Senthun rumangsa nemu kamulyan. Sawisé bisa gelem diambungi, Yèyèn meneng waé wektu Senthun nglukari kaosé Yèyèn, lan sapituruté. Kocap kacarita, bengi kuwi Senthun pesta, sing tundhané pada keturon lan karipan tanginé.

Ndhisiki adus lan dandan ayu, Yèyèn nyekel sikilé Senthun saperlu nggugah pamit énggal-énggal mulih. Melèk gragapan, Senthun nyawang jam. Dhèwèké njaluk ngapura wis njalari telaté Yèyèn anggoné budhal nyambut gawé.

“Mas, aku njupuk dhuwit saka dompètmu kanggo sangu numpak taksi, ya. Kowé ora usah ngeteraké aku,” ujaré Yèyèn karo nuduhaké dhuwit atusan èwu cacah telu.

Senthun mung bisa manthuk. Sanajan rumangsa nggondhok, dhèwèké tetep ngatonaké polatan sumèh.

Sapungkuré Yèyèn, Senthun dheleg-dheleg. Dhèwèké rumangsa kapusan, sebab wektu padha olah kadiwasan wengi kuwi, tandang gawéné Yèyèn sajak ora baèn-baèn lan pinter sandiwara saéngga ora ngétokaké yèn pakaryan satenané ya mung ngono kuwi, mblithuk wong lanang, apa manèh sing thokmis, bathuké klimis.

“Wong édan! Tiwas diréwangi golèk hotèl rada larang lan nganggo perasaan, jebul njaluk bayaran…..”

Senthun mung bisa ndremimil karo sikatan. Orang nganggo adus, dhèwèké énggal-énggal ninggalaké hotèl banjur mulih. Sadurungé tekan omah, Senthun mampir Puskesmas golèk layang katrangan lara, supaya sésuk ora didukani atasané.

Tulisan iki uga wis kapacak ana ing kéné

Posted in Crita saka Sala, Kasunyatan | 2 Comments »

Waspada Marang Copèt

Posted by caturan on October 16th, 2009

Malem Jemuwah klebu sangad sing apik kanggo para copèt. Wanci panèn, kocapé. Mula, para kondhèktur sing apikan kerep ngélingaké para penumpangé supaya luwih waspada. Racaké kanthi cara nyedhaki penumpang banjur klesak-klesik ngandhani anané copèt ana ing njero bis. Kondhèktur wis apal polahé para copèt sing racaké munggah bareng-bareng, antarané wong loro tumekané papat-lima, malah ana uga sing luwih saka kuwi.

Kaya déné marang para copèt, kondhèktur uga apal, endi penumpang sing wis lengganan utawa penumpang anyaran sing nembé sepisanan numpak bisé. Bis saka Sala jurusan Semarang, umpamané, bakal ramé penumpang sapunjulé saka jam siji wengi. Sing padha numpak saka Tirtonadi utawa Kartasura, akèh-akèhé para bakul utawa wong sing bakal  nyambut gawé wiwit ésuk.

Malah, para lengganan biyasané wis padha wanuh siji lan liyané jalaran kerep bebarengan. Penumpang jinis iki uga apal saéngga bisa mbedakaké penumpang sing dianggep anyaran. Kaya sing dakrasakaké rikala aku isih seneng numpak sepur Argo Muria sing budhalé jam 5 saka Stasiyun Tawang, jalaran pingin tekan mBetawi ora kesuken nanging uga ora kawanen.

Wektu iku, ana kira-kira wong lima munggah bebarengan saka kulon protelon Pengging. Déné saka protelon kono, wis ana wong pitu sing nembé waé munggah bis.

“Sampéyan pindhah tengah, Mas. Aku dak lungguh ana pinggir waé,” mangkono ngendikane.

Aku durung sida nyauri, nanging ibu-ibu sing yuswané sewidakan taun iku mbacutaké ngendikane. Luwih lirih, nyedhakaké tutuké ana kupingku, “Sing lima iku rombongan copèt.”

“Wah..wah…Sregepé anggoné padha nyambut gawé!” ujaré ibu-ibu sing jebul dagang lanjon ana Pasar Karangayu iku.

Sing disapa mèsem, ngatonaké yèn wis padha wanuh rupa. Sajaké wong lanang bagus umur telung puluhan taun sing nembé dicelathoni iku sing mandhègani para copèt. “Amit mbokdhééé..,” ujaré priya mau. Blas ora nyujanani.

Dakrungokaké saka lakuné –ndilalah pada seneng nyèrèt sandhal, wong lima sing mentas munggah bis iku banjur padha misah, lungguhé plencar-plencar. Mung wong loro sing éthok-éthok jagongan supaya penumpang liyané ngira wong-wong mau pancèn penumpang biyasa, kaya liya-liyané, sing mung pinuju mbarengi munggahe sawisé padha antri nyegat bis sing bakal liwat.

Lungguh misah pancèn dadi cara paling lumrah, jalaran bisé ora kebak penumpang. Sapa sing kasil anggoné gogoh-gogoh banjur mènèhi kodhe marang liyané, supaya barang rampasan bisa dipindhahaké marang sing siji banjur menyang liyané. Yèn wis ngono, sing nggawa barang banjur mudhun dhisik, kanggo ndawakaké lacak, supaya yèn nganti ana sing alok kecopètan ora bisa mbuktèkaké pandakwané marang wong sing ana ing sakiwa-tengené.

Ewadéné kena ngapa para copèt padha milih malem Jemuwah, tur sawisé jam siji wengi, ora liya jalaran ana ing wayah ngono kuwi wanciné wong-wong padha nyukupaké laku tirakat. Warna-warna wujudé tirakat. Ana sing kungkum ana umbul Pengging nganti ngliwati lingsir wengi, ana uga sing melèkan awit soré, nepi ana tilas pesanggrahané raja ing Kraton Surakarta utawa ing makamé Éyang Yasadipura. Ora sithik uga sing nepi ana pesaréyané Kebo Kenanga, sing papané uga ora adoh saka Pengging.

Wong-wong sing mentas padha laku tirakat iku lumrahé banjur gampang keturon ana njeron bis. Sing padha kungkum, umpamané, mesthi luwi krasa sayahé, mula yèn wis olèh lungguhan banjur kaya diléla-léla lédhung, diteturu déning sumliré angin saka cendhélané bis. Yèn wis kaya mangkono iku, sapa waé bakal gampang ngorok sanajan turu karo lungguh.

Béda yèn wis kebacut padhang, nalikané bis kebak wong mangkat sekolah lan arep nyambut gawé kantoran utawa pabrikan. Kahanan penumpang sing padha ngadeg uyel-uyelan bakal diadhepi nganggo pola sing béda. Padha ngadegé, banjur ana sing embuh éthok-éthok tumindak piyé marang sasarané, bakuné keslimur banjur dompèté diulur saka kanthongan utawa tasé. Pokoké, akèh carané, sing pungkasané awujud pindhahé bandhané wong sing kelimpé.

Becik dimangertèni, ora mung bis-bis jurusan Semarang utawa Sala sing dadi sasaran. Bis-bis Sala-Purwodadi uga dadi papan inceran kanggoné para wong licik lan pinter sandiwara. Ana jalur iki, bakal akèh penumpang sing nyegat bis ana pinggir dalan, ing laladan Sumberlawang sawisé pada laku tirakat ana pesaréyané Pangèran Samodra.

Saben malem Jemuwah mesthi ramé, apa manèh Jemuwah Pon. Ora mung wong sing pingin nglakoni tirakat, nanging uga ora kurang sing saka sekawit wis diniyati arep nyambut gawé utawa malah mung arep seneng-seneng waé. Sing niyat nyambut gawé, ora liya kang daksebut kanthi aran kenya sekeca.

Kenya mangkéné padha grudukan teka kana padha manut marang téoriné ahli ékonomi, yaiku ukum ‘permintaan lan penawaran’. Sebab, ana keyakinan sing isih digugu tumekané saiki, yaiku wong sing bakal kasil tirakaté ana Gunung Kemukus, tlatahé Pangeran Samudra iku ora liya ya mung sing gelem padha laku sanggama marang wong liya, sing ora ana sambung-rapeté marang bebojoan.

Déné sing niyat mung arep seneng-seneng ana kana, racaké para priya sing njagakaké wanita-wanita sing niyat tirakat, lunga ijèn banjur golèk gathukan ana kana. Klop!

Sanajan kabèh mau dudu mujudaké laku sing bener lan becik, nyatané ‘kabudayan’ kaya mangkono wis njalari ngrembakané jinis penggawéyan asor, yaiku nyopèt. Dakkira, cacahé copèt bisa susut menawa wong-wong wis padha kapok tirakat. Bab kapané, ora ana sing ngerti. Apa manèh yèn nyimak crita-crita, jebul wong sing sekolahé dhuwur, para pinunjul, malah tumekané penggedhé-penggedhé republik, saka sing mapan ing mBetawi nganti ing ndhésa-ndhésa waé, nganti saiki jebul isih akèh sing seneng kungkum, merdhukun, nayuh keris lan jimat-jimat.

Harataya…….. Piyé, coba?!?

Tulisan iki uga wis kapacak ana blog iki

Posted in Uncategorized | 2 Comments »

Sushi lan Hotèl Tiga Jaman

Posted by caturan on October 12th, 2009

Sala pancèn béda tinimbang kutha-kutha liya. Wanci awan ramé banget, yèn ora klèru cacahé tikel telu saka cacah jiwa asliné. Benginé uga isih ramé. Papan kanggo jajan sumebar ana saindenging kutha, panganané manékawarna, sing raméné ora perlu dipaido. Mula ora mokal yèn Sala kondhang kanthi julukan kutha sing ora tau turu.

Purwosari, Keprabon lan Nonongan wis genah dadi jujugan. Kottabarat lan Galabo sing klebu anyar ing Gladak, awit sepisanan uga klebu ora tau kendhat wong sing padha arep jajan. Sing ngawula wadhuk utawa seneng nguja ilat, apa manèh para priyayi saka njaban kutha, mesthi senengé saben dolan utawa dhines menyang Sala.

Pingin ngersakaké jajan apa, kabèh wis sumadya, sarwa cumepak. Pingin iwak apa iwak-iwakan, kabèh ana. Masakan iwak laut apa iwak saka wadhuk lan kalèn klebu paling ngembyah, tur ya klas-klasan. Sing ènthèng-ènthèngan akèh, sing dodol racaké saka Lamongan. Sing tengahan uga ora kurang, lan sing larang-larang malah wis ora kepétung akèhé. ­­

Sakèhing masakan daging malah luwih pepak. Daging sapi, ayam, bèbèk, sapi bulé utawa babi, cèlèng, jaran, ula, bulus lan wedhus racing utawa Rintintin kabèh ana.

Éwa semana, iwak lan daging sing paling akèh digolèki saka Sala, utamanaé ing wanci wengi, malah iwak utawa daging sing mentahan. Sing padha karem marang jinis mentahan iki, racaké nganggo alesan butuh sensasi-né, sing jaréné klebu khas Sala, sing ora bakal ditemoaké ana ing kutha liya.

Bumbuné uga manékawarna, gumantung sing ngersakaké. Pedhes, asin lan leginé, wis salumrahé yèn padha nganggo ukuran ilaté dhéwé-dhéwé. Embuh piyé larah-larahé ing jaman biyèné, wong nyatané wektu Jepang njajah Éndhonésa saumur jagung suwéné ya ora ninggal resèp masakan. Dadi, nganti tumekané saiki ya ora ana resep sushi sing bisa kasebut dadi tinggalané wong Jepang.

Para Heiho rikala semana mung mblithuk wong Jawa supaya bisa diajak bareng-bareng mungsuhi Walanda. Teka mréné uga ora nggawa wanita, mula ya béda karo bangsa Walanda, sing isih sithik-sithik nulari carané nggawé roti, ninggali bestik lan sapanunggalané, jalaran para noni-noni isih gelem ngajari para wanita pribumi sing dikaryakaké ngurusi omah bagèyan mburi: olah-olah, asah-asah lan resik-resik omah.

Bangsa Jepang, racaké malah njajah wong saomah lan isih gelem njojoh isiné omah, ora perduli isih legan utawa wis omah-omah. Wis ora kurang crita babagan rekasané para jugun ianfu sing tumekane saiki isih duwé tatu ing sajroning ati.

Yèn padha gelem mawaspadakaké, jan-jané ora akèh warung utawa lèstoran masakan Jepang ing Sala. Sing klas pinggir dalan, sangertiku nembé ana ing cedhak kantor pengadilan, banjur sing sedhengan mapan ana Coyudan. Sing larang wis bisa diicipi waton ora éman ngetokaké dhuwit akèh jalaran mapané ana hotèl-hotèl larang. Nanging apa sebabé jajanan sing awujud iwak utawa daging mentah iku bisa ngembyah?

Mbuh ora weruh! Mangkono yèn nganti aku ditakoni déning sapa waé. Aku dudu ahli sejarah, uga dudu peneliti, mulané ya ora ngerti nganti saiki. Sing genah, aku kerep krungu wong-wong sing mati nalika utawa sawise ngicipi panganan siji iki. Ana sing banjur diarani lara jantung, utawa kakèhan nguntal obat-obatan mula banjur mati sawisé mangan, kaya kedadèyan durung suwé iki.

Ora baèn-baèn, sing mati malah anggota DPRD saka kutha, sing adoh saka Sala saéngga mbutuhaké wektu paling ora patang jam numpak mobil pribadi. Mbokmenawa pancèn lagi dhines sinambi ngrampungi urusan liya, banjur nyoba ngrasakaké jajanan khas Sala, sing carané mangan nganggo cara Jepang, kaya mangan sushi sing sarwa mentahan.

Mbokmenawan, pancèn wis dadi keluwihané wong Sala sing kawentar pinter nyiptakaké dedhaharan paling éca sadonya. Kaya umumé tukang masak utawa koki, sing paling pinter ndhasaraké jajanan siji iki, kok ndilalah ya wong-wong lanang. Ana sing jenengé Kokok, Karman, Slamet, lan embuh sapa manèh sing bisa sinebut kondhang. Malah, biyèn aku tau krungu uga ana jeneng Hartono, priyayi saka mBetawi sing dagangané kondhang kanthi cap utawa mèrek Prapanca. Bisa uga kabèh mau mung jeneng samaran, dudu jeneng asli gawan bayi.

Nanging, satemené aku isih mikir nganti saiki. Saumpama wong-wong Jepang biyèn sangu bojo lan rada suwé nggantèni Walanda, mbokmenawa wong-wong Sala ora klèru tampa jalaran ngerti carané gawé sushi sing bener. Ora bakal ana kabar, carané ngrahapi iwak utawa daging mentah mau kudu kanthi cara klesak-klesik utawa nganggo swara pating cekikik.

Ééé…sik..sik..mengko dhisik! Saumpama iwak-iwakan kuwi ora dadi jinisé jajanan unggulan kutha Sala, banjur sapa sing bakal ngebaki hotèl-hotèl ‘tiga jaman’ ana sakiwa-tengené RRI kana, ya? Ya, hotèl tiga jaman (dudu hotèl sing wis ngadeg awit jaman Landa, ora dirusak déning Jepang lan isih ana nganti saiki, nanging sing nyéwakaké kamar mung kanggo telung jam), sajaké pancèn dadi papan sing paling mathuk kanggo para pelancong sing senengé mung barang mentahan, ya kaya sushi iku mau. Bisa mat-matan, bisa uga karo pencilakan. Kabèh gumantung seléra…..

Sing genah, wong-wong sing dhemen iwak mentah mau senengané mèlu-mèlu carané olah-olah lan polahé Mbak Maria Ozawa.

Srèmpètané crita bisa kasimak ana Opèn-opènané Pak David utawa Sida Kabul

Tulisan iki uga kapacak ana ing http://blontankpoer.com/

Posted in Crita saka Sala, Kasunyatan | 2 Comments »

Jéndral Ngingu Macan

Posted by caturan on October 7th, 2009

Kabar anané macan disita saka Rumah Dinas Bupati Purworejo ora gawé kagèt atiku. Lumrah para penggedhé, wong pangkat utawa wong brèwu umuk kuwasa. Yèn mung ngopèni asu gedhé sing galak, aku wis ora gumun. Sanajan dakanggep wagu, nanging isih luwih apik tinimbang wong sing ngopèni macan utawa kéwan-kéwan sing wis langka.

Setaun kepungkur, umpamané, aku naté weruh dhéwé ana jéndral ‘pangsiunan’ sing ngingu gogor utawa macan cilik (yèn ora klèru jinisé Panthera Tigris Sumatrae). Umuré gogor, ngendikané Pak Jéndral wektu semana, isih limang wulan. Ngunjuké susu gawéyan pabrik, sebab macan iku dibethot saka biyungé awit indhil-indhil. Kaya ngapa wujud penthilé Mbok Macan, saumpama bisa caturan, si gogor sok ya wis kangèlan nyaritakaké.

Amarga Pak Jéndral ngerti yèn aku iku juru warta, aku ora wani takon akèh-akèh babagan asal-usulé gogor. Wong dhèwèké iku pinter tur duwé ilmu intelijèn, takon kedawan babagan gogor malah bisa mbilaèni, njalari kuwaliké nasibku. Mula, aku trima mung ngrungokaké critané dhèwèké, sing jaré seneng banget marang kéwan opèn-opènané iku. Sing ujaré kerep diajak gojègan lah, sing bisa kanggo ngilangi strès lah, lan sapanunggalané.

Saliyané ngopèni gogor, Pak Jéndral uga duwé ‘macan mati’. Dipapanaké ana omah sisih ngarep, macan mati sing wis dibanyu keras iku sajaké pancèn sengaja dipamèraké kanggo ngumukaké kuwasané. Nitik saka wujudé sing gedhé lan nyawang rupané, macan modar iku mènèhi pituduh yèn umuré wis ‘kliwat yuswa’ sadurungé dipatèni banjur dipisahaké antarané jerohan saka lulangé.

Kenapa aku nyebut umuk panguwasa kanggoné wong-wong sing ngopi macan kaya ngono kuwi, sebab kéwan iku wis sithik banget cacahé, mula kudu dileluri. Negara banjur nganggep perluné nglestarèkaké macan lan kabèh jinisé kéwan langka, kanthi gawé undang-undang. Sapa wongé sing ngingu utawa ndarbèni kéwan langka sing dilindungi negara tanpa duwé ijin, bisa kena pasal lan diukum kunjara.

Sapa wongé sing nganti bisa opèn-opèn kéwan mangkono, bisa dipesthèkaké wong kuwi duwé siung dawa, lancip lan lanhep, mula bisa umuk kuwasa. Embuh siung kuwi awujud pangkat kaya déné Pak Jéndral mau, utawa siung kang wujudé dluwang nganggo ndhol-ndhol akèh kaya sing diduwèni wong-wong brèwu sing pabriké pating tlècèk, sing bauné atusan tumekaning éwon cacahé.

Pangkat lan drajad bisa kanggo ngleremaké galaké hamba wet, utawa mekéwuhi yèn arep ngusut utawa njejegaké pranatan. Semono uga dluwang ndhol-ndhol akèh sing sinimpen ana suwaliké jas sing diagem para cukong, bisa kanggo ngénggokaké perkara, saka nglanggar pranatan banjur digawé dadi tumindak kabecikan, kanthi sebutan nglestarèkaké kéwan langka. Éthok-ethoké dipadhakaké kaya déné filantropis utawa sebutan sarwa becik liyané.

Kanggoné wong-wong sugih mblegedhu –embuh jéndral utawa sodagar, dhuwit Rp 50 juta iku paribasan mung slilit. Lha wong Pak Jéndral iku tumpakané montor alus larang-larang, durung kapétung pit montor Harley Davidson loro cacahé, sing durung mesthi olèh dituku satus yuta sijiné.

Mula dudu kabar kang nggumunaké manèh, yèn nganti ana kedadèyan wong sing bisa disraya kanggo nyolong macan saka kebon kéwan ing Jambi wulan-wulan kepungkur, kanthi opah ora mingsra. Tur ya dudu Éndonésa manèh yèn para penggedhéné ora akèh sing dadi maling. Saliyané macan, isih akèh kéwan langka sing diingu urip-uripan utawa dipajang sawisé diawètaké nganggo banyu keras utawa air raksa.

Manuk Kakatua, Cendrawasih, munyuk, lutung lan sapanunggalané iku klebu kéwan popilèr utawa favorit, embuh uripé, embuh kahanan matiné. Tur manèh, ana uga sing prigel èkspor Orangutan (Pongo Pygmaeus), yaiku kewan langka saka mBornéo menyang negara manca. Malah, Orangutan sing dicolong awit bayi iku diopèni, dilatih dadi petinju, banjur kanggo tontonan nèng Thailand.

Kabaré, sing nduwèni usaha ‘kethèk gelut’ kuwi malah Pak Taksin Sinawatra, mantan perdana menteri. Dadi, ora Thailand ora Éndonésa, patrapé penggedhé padha waé.

Sanajan mangkono, ana sapérangan sing njalari aku kudu ngacungaké jempol papat marang Pak Jéndral pangsiunan kuwi. Aku yakin mbolokin, dhèwèké bakal nggolèkaké jodhoné si gogor. Dhèwèké mesthi wedi yèn tumeka titi mangsané diwasa lan wis ngerti brahi durung duwé jodho, macan bisa ngamuk marang sing opèn-opèn. Lha yèn wis duwé keturunan, sing tuwa bisa dibanyu keras genti, bisa diwènehaké sedulur-seduluré utawa didol marang para cukong.

Saya akèh macan banyu kerasan diopèni wong, iku ateges wong kaya Pak Jéndral wis melu ngélingaké wong akèh supaya padha tumindak becik ana ing samadyaning bebrayan agung anèng alam donya. Sebab ala-beciké tumindak ora mung kecathet malaékat, nanging uga tangga teparo lan anak-putu: gajah mati ninggal gading, macan mati ninggal lulang.

Lho, lha suk yèn mati, Pak Jéndral bakal ninggal apa? Hmm… Apa, ya? Sajaké ninggal bandha lan weling supaya ngéling-éling tumindaké, kaya unèn-unèn becik ketitik, ala ketara….. (yèn nèng kuburan ditakoni malaékat kenapa isih ninggal cathetan ala wektu isih anèng alam donya, mesthi bakal dijawab: siyap! mboten wonten gadhing ingkang mboten benthèt!)

Tulisan iki uga kapacak ana kéné

Posted in Rerasan | 1 Comment »

Baya Mungsuhi Cecak

Posted by caturan on September 26th, 2009

Dhagelan paling kekel taun iki mung ana siji: baya sumbar, bengok-bengok ngécé, nantang cecak. Rumangsané, para cecak bakal wedi, gigrig ngadhepi kéwan sing awaké cringih-cringih kuwi. Sing luwih nggaplèki manèh, baya-baya kuwi duwé penganggep yèn cecak iku mujudaké sawijining jinis kéwan sing paling pantes dimungsuhi.

Bola-bali baya bodho, ora éling ngendikané Bung Karno: Jas Mérah! Jangan sekali-sekali melupakan sejarah, aja tidha-tidha wani nglalèkaké sujarah uripé. Coba dipikir, cecak kuwi tau ganggu gawé apa marang baya? Uripé waé ana ndhuwur, embuh pènèkan tembok utawa mbrangkang ana ngepyan. Wedi marang banyu, mangané prasasat mung sadrema ngentèni lénané lemut léda-lédé, mabur sinambi ngalamun.

Déné sing arané baya, wis suwé kondhang dadi kéwan murka. Donyané ana loro: ana banyon, uga ana ing ndharat. Nguntalé énak-énakan, sarwa daging, malah yèn perlu mangan manungsa sing léna. Saben lagi ana ing kali utawa rawa, matané thok sing diketokaké. Perluné, kanggo nylamuraké kéwan lan manungsa, supaya ora wedi, lan yèn ana sing léna, banjur dikemah-kemah, digawa nyilem ana njero banyu.

Lagi disawang saka carané langèn waé wis nuduhaké yèn niyaté pancèn ala sakawité, apa manèh yèn dipétani patrapé siji mbaka siji. Mata mecungul ana ndhuwur banyu supaya bisa nyawang sakiwa tengené, kanggo milahaké endi sing kudu dimangsa lan endi sing kudu disanak. Dhasar baya…..

Ana ndharat semono uga. Senengané éthok-éthok ndhelik, awaké didhelikaké ana runggutan, yèn perlu mblusuk ana ngisor godhong-godhongan, supaya sapa waé sing liwat ora nggraita bakal ngadhepi bebaya.

Coba, apa karepé unèn-unèn “Cecak kok kumawani nantang Baya”, yèn dudu awit saka kersané Gusti Allah arep mirang-mirangaké, miyak wadi lan nisthané tumindak para baya sasuwéné iki?

Saumpama priyayi-priyayi iku pinter, mesthiné ora nganggep awaké dhéwé baya. Luwih trep yèn dhèwèké ngaku macan lan ngarani mungsuhé iku kucing. Wujudé ora pati béda, kodraté ya cedhak, nanging daya lan tenagané luwih ngédap-édapi. Lha yèn baya mungsuh cecak? Genah béda adoh….. (ning embuh yèn sing dikarepaké iku pancèn kodraté baya édan, sing seneng ngrayah donyané liyan)

Para baya iku, sajaké lagi mendem gèlèk, mula nggawé tembung lan ngarani mungsuh waé kanthi ngèkèk-ngèkèk. Utawa nembé kakèhan mushroomdabiyud, mula utek warasé kelaut. Yèn ora, sok-sok malah kakèhan ngobong pete utawa sabu-sabu, mula banjur paranoid, nyawang cecak waé rasané kaya ngadhepi baya raseksa, sing luwih medèni. utawa

Coba para baya mau éling ngendikané Bung Karno, dhèwèké mesthi kelingan sejarah urip mbah-mbahé mbiyèn. Sasekti-sektiné Mbah Baya mbiyèn, sanajan 40 cacahé, bisa diapusi marang wong siji sing arané Jaka Tingkir. Yèn bangsané jinisé sato-kéwan, sing bisa ngalahaké baya, ora liya ya mung kancil.

Mula, yèn nganggo unèn-unèn Jas Mérah mau, mungsuhé baya mung loro: anak turuné Jaka Tingkir lan keluwargané kancil. Dudu cecak!

(wis, awaké dhéwé dadi manungsa ora usah mèlu mumet ngéling-éling perkara Bank Century utawa gègèran BI lan LPS. nyawang saka kadohan waé, kaya ngapa solah tingkahé para baya)


Tulisan iki wis kapacak ana kéné

Posted in Crita saka Sala | 1 Comment »

Nyuwun Ngapura, Ya…..

Posted by caturan on September 18th, 2009

Ana basané wong ndhésa sing dakkangeni. Lugu, momot pralambang, minangka donga. Saben riyaya utawa bakdan, dhésaku –uga dhésa-dhésa liyané, mesthi ramé. Akèh wong –mudha taruna, sepuh lan bocah, lanang utawa wadon- mubeng-mubeng, mlebu-metu omah siji lan sijiné. Paribasan kaya gabah diinteri.

Sing ora naté kétok padha jumedhul, sowan sedulur, kadang sepuh lan tangga teparo, padha ndonga memuji, kanggo siji lan sijiné. Ing antarané sing luwih anom marang sing sepuh, uga kosok-balèné, padha-padha ngobral donga, pengarep-arep, lan apura-ingapuran.

Sing luwih anom, kanthi salaman marang sing luwih sepuh, lumrahé matur sing kurang-luwihé mangkéné uniné:

Kepareng matur panjenenganipun, sowan kula ing mriki, sepindhah ngaturaken kabar kawilujengan kagem panjenengan….. ing salajeningipun kawula ngaturaken sembah bekti kawula dumateng panjenengan saha nyuwun sakagengipun pangaksami, mbokbilih kawula nggadhahi lepat, ingkang dipun sengaja utawi mboten, mugi Pangèran kersa maringi pangapunten dumateng kita sedaya. Amin.

Sabanjuré, sing sepuh banjur maringi jawaban.

Iya ya, Nggèr/Ndhuk…. Daktrima aturmu, sungkemu marang wong tuwa. Semono uga, wong tuwa ya akèh luputé, ana klèra-klèruné tembung, aku njaluk ngapura. Muga-muga, Gusti Pangèran kersa nglebur dosaku lan dosamu ing dina riyaya iki, muga-muga padha diparingi kasarasan, kawilujengan, gangsar rejekiné lan apa sing dadi sedyamu, apa karepmu, muga kabèh panyuwunmu dikabulaké déning Pangèran. Mad-sinamadan, muga-muga menangana riyaya sing bakal teka tahun ngarep…

Ana donga marang Pangèran sing padha-padha kinucap, yaiku nyuwun bagas-waras, slamet, lan gangsar rejeki. Uga dadi sarana nglebur dosa, ikrar padha-padha nyuwun lan maringi pangapura.

Nanging, saiki jaman wis owah, nuruti ukum alam, yaiku generasi sing kudu gumanti. Simbah-simbah lan priyayi sepuh sing donga lan ngendikané nentremaké ati, wis suda jalaran yuswa lan kahanan. Ana sing wis netepi pepesthi tinimbalan déning Gusti, ana sing wis gerah-gerahan mula wis ora bisa paring donga, ular-ular lan wejangan. Sebab, saliyané ketemu lan tilik kabar keslametan, racaké dina riyaya dadi ajang réuni, bisa setaun pisan, bisa uga sing wis pirang-pirang taun ora naté ketemu.

Saiki, donyané wis sansaya maju. Akèh nom-noman sing patrap lan subasitané wis nalisir saka angger-angger, nggah-ungguhing tatakramané Wong Jawa. Ora bakal kurang kedadèyan sing marahi ngguyu, mèsem utawa trenyuh, ing sajroning halal bihalal, utawa tradhisiné Wong Jawa anggoné padha apura-ingapuran.

Bocah-bocah sing umuré las-lasan utawa kurang, akèh sing mung matur :

Nyuwun pangapunten nggih, Mbah, Pakdhe, Budhe, Lik, Mas…..

ana uga sing mung ngucap

Lair batin, ya…..

utawa,

Selamat Idul Fitri, Maaf Lahir dan Batin

Plek, jèbles, kaya uniné ukara ing kertu lebaran sing biyasané akèh didhasaraké ing kantor-kantor pos, toko buku utawa pinggir-pinggir dalan.

Wanci riyaya, saliyané dadi wektu kang becik kanggo nyuwun lan paring ngapura marang sapadha-padha titahé Pangèran Sing Maha Kawasa, kanggoku bisa dadi wanci kanggo introspèksi. Ora mung mawas dhiri, nanging uga nyawang remuké basa lan tatakrama Jawa, sing sansaya adoh saka kawla mudha.

Yèn wis mangkéné iki, banjur sapa sing kudu disalahaké?

Ora usah salah-salahan, ayo padha didandani sithik mbaka sithik. Sing tlatèn, aja gampang kapok banjur lèrèn. Nanging, mbokmenawa waé aku wis keladuk nyalahaké kahanan utawa wong liya, mumpung riyaya, aku nyuwun pangapura… Oke?

Tulisan iki uga wis kapacak ana ké

Posted in Crita saka Sala, Kasunyatan | 2 Comments »

Luwih Apik Diakoni

Posted by caturan on September 11th, 2009

Jalaran mung lulus SMP kanthi biji pas-pasan, Pakdhé Karto kepeksa kudu nyekolahaké anaké ana ing SMA partikelir. Kedhuwuren penggayuh yèn arep mlebu sekolah negeri. Pakdhé Karto yakin, sekolahan sing duwé states diakui luwih becik tinimbang disamakan. Jaman semana, durung ana sing arané Akrèditasi A, B lan sapanunggalané iku. Pilihané mung telu: terdaftar, diakui lan disamakan.

Putra pembarepé sing krungu kersané bapaké bakal nyekolahaké adhiné ana ing sekolah kanthi states diakui banjur protès. Apa manèh, dhèwèké ngerti babagan kelas-kelasan sing saiki diarani akrèditasi iku.Apa manèh dhèwèké kuliyah ana universitas negeri. Dadi ngerti, mula wegah kalah marang bapaké.

“Pak, tholé ki aja dilebokaké SMA sing diakui. Ragadé larang, tur bakal kangèlan yèn sukmbèn pingin nerusaké kuliyah ana kampus negeri,” ujaré si pembarep.

“Kowe ki piye, ta? Golèk sekolahan ki yang kudu sing wis diakui. Iku tegesé diakoni, ” jawabé Pakdhe Karto.

Wis, ta… Bapak ki mbok aja ngeyel. Sekolahan sing diakui kuwi larang biayané. Suk ndadak nganggo ujian negara barang, lho,” ujaré pembarep.

“Ya, wis salumrahé… Sing jenengé sekolahan yèn wis diakoni, ya mesthi waé larang ragadé. Lha yèn mung sak-saké, durung diakoni, lumrah waé yèn murah bayarané. Aja dikira gampang golèk drajad nganti diakoni!”

“Ora ngono, Pak. States diakui kuwi luwih asor tinimbang sing wis disamakan. Paling cendhèk iku sing isih terdaftar,” si pembarep ngotot.

Ora gelem kalah, Pakdhé Karto banjur ngetokaké siung. Macak rupa galak, nggunakaké adeg-adegé dadi bapak. Pikirané mung siji: bocah disekolahaké dhuwur-dhuwur, olèh-olèhané mung mbanggèli bapakné.

Disamakan kuwi tegesé mung dipadhakaké karo sekolah sak-saké kuwi ya, Lééé!!! Ana ngendi-endi ngembyah sekolahan, nanging ya mung padha waé. Nyatané ya kakèhan bocah mbeling, ora mundhak pinteré. Jarému luwih apik sekolah sing disamakan. Nyatané?!?” ujaré Pakdhe Karto.

“Ana ngendi waé, yèn wis diakoni, kuwi tegesé wis peng-pengan. Jenengé waé diakui, mula saben wong nganti negara waé nganti ngakoni. Kowé waé sing aèng-aèng, disekolahaké dhuwur-dhuwur, kok ya ora mudheng, ora dadi pinter!” Terus, Pakdhé Karto ndremimil, nggrenengi anaké dhéwé.

Si Pembarep milih sumingkir karo mikir. Dhèwèké bingung golèk cara lan selah kanggo kojah, supaya bapakné ora gampang nggebyah uyah. Dhèwèké paham banget, bapakné sing mung tamatan SD rikala Bung Karno isih dadi presidhèn iku pancèn wangkot, nggugu panemuné dhéwé lan ora bakal gaduk mikiraké sing arané akrèditasi.

“Bocah-bocah saiki pancèn mbrengkélé, kuliyah durung tutug waé wis wani mulang marang wong tuwa, kaya sing paling ngerti dhéwé. Wong ki bisa diarani kajèn déning lingkungan ki ya yèn wis diakoni….,” Pakdhe Karto isih gemremeng.

Kanggoné Pakdhé Karto, diakui kuwi padha kar diakoni, dianggep. Genah béda karo sing diarani disamakan, yaiku sing mung dipepadha karo liyané. Sing diakoni, racaké mung sithik, déné sing disamakan, umumé ngembyah, akèh tunggalé. Mula ora pantes diumukaké.

Tulisan iki wis kapacak luwih dhisik ana kéné

Posted in Gayeng Kiyi, Kasunyatan | 2 Comments »

Kutuk Marani Tutuk

Posted by caturan on September 7th, 2009

Bayangna uniné bakal kepriyé yèn sing nirokaké tembung ing dhuwur iki bocah cilik sing isih célat. Tutuk malani tutuk! Wah, bakal dadi ramé jalaran tembungé bisa dimaknani werna-werna amarga pancèn banjur dadi asosiatif. Cangkem ngajar cangkem alias tutuk adu tutuk? Cipokan, dong? Sumangga sing padha arep lan karep mbablasaké……

Sing dakkarepaké kutuk marani tutuk iku ora liya ya iwak kutuk, sing wingi soré dituku bojoku ana Pasar Legi, Sala. Mau bengi diolah nganggo bumbu kunir, énaké ora umum. Duduhé werna kuning kaya sayur bumbu rujak. Hmm….. Mula, sahur iki mau aku télap-tèlep madhang lawuh iwak kutuk. Kutuk marani tutuk, alias kutuk dakkemah-kemah ana njero cang***.

Asli, aku gumun soré wingi bojoku bisa éntuk kutuk. Kok ya ndilalah ya mung ana siji kuwi ing Pasar Legi. Luwih gumun manèh, kok ya isih ana kutuk jaman saiki, nalika banyu wis larang, akèh kali lan wadhuk padha asat kurang banyu. Kamangka, sing jenengé kutuk iku butuh banyu agung, kali sing rada jero.

Kutuk (yèn isih cilik diarani kotès. Jaré, wong mBetawi ngarani iwak iki kanthi jeneng ikan gabus) arang-arang langèn ana ndhuwur kaya jinisé wader, utawa guramèh. Nanging uga ora butuh ana lendhutan ing dhasaré kali kaya déné lélé. Kutuk uga ora seneng matil kaya lélé, mula cekel-cekelané uga rada gampang.

Wektu mulih saka Surabaya, rong tahun kepungkur, aku rada kagèt nemoni akèh warung ing antarané Mojokerto-Jombang sing nawakaké lawuh kutuk. Arep mandheg mangu-mangu, nanging sadalan-dalan terus mbatin. Saumpama ana sing nawakaké kutuk gorèng, aku mesthi mandhegé. Aku kangen gurihé kutuk gorèng, sing (yèn ora klèru) wis 20-an taun ora kepethuk.

Kali kidul ndhésaku wis luwih sepuluh taun asat, déné sing ana lor dhésa miliné uga kari thar-thir. Paribasan iwak wis ora bisa ndhelik saking cethèké kali. Mula, iwak-iwak jinis kutuk (apa manèh lélé) wis ora ana. Wader céthul lan cébong waé wis kangelan urip ana kali lor dhésaku.

Sing marakaké nggrantes malah liyané, yaiku babagan dum-duman banyu kanggo sawahé para kadang tani. Limang taun kepungkur, aku krungu yèn ana tangga sing padu nganti arep kepruk-keprukan pacul gara-gara rebutan banyu. Sing siji rumangsa wis olèh jatah saka kelompok tani lan ulu-ulu, mula awit soré nunggoni iliné banyu. Ndilalah, rada bengi sithik ana sing ngénggokaké iliné banyu ana sawahé. Rumangsané, jatah wektuné wis kliwat mula sing kèri rumangsa wis duwé hak nggilir. Begja konangan tangga, banjur dipisah lan dirampungi pekarané.

Apa manèh tumrapé para tani, sing pancèn butuh banyu kanggo ngurip-urip pari lan tetanduran liyané, ing pangajab bisa kanggo urip lan ragad nyekolahaké anak-putu. Lha wong mung kanggo uripé kutuk waé wis ora cukup. Saiki, aku wis ora bisa maido manèh, kenapa beras waé ndadak di-impor utawa kudu tuku menyang Vietnam utawa Thailand. Lha wong petaniné waé wis ora bisa nandur pari kanthi samesthiné.

Apa manèh yèn ngélingi anané Undang-undang tentang Sumber Daya Air, sing mengku wigati, yèn banyu iku klebu ‘barang’ sing bisa didagangaké kaya déné beras mau. Bengawan umpamané, saiki dikapling lan dadi duwèké Perum Jasa Tirta. Petani ora olèh sapénak udelé ngilèkaké banyu ana sawahé. Kudu ana ijin, ana aturané.

Percaya kena, ora ya ora papa. Ing tlatah Bolivia kana, naté ana aturan negara, sing intiné: nampung banyu udan iku waé kena pajek, kudu mbayar marang negara!!! Saumpama nèng Jawa utawa bumi nuswantara iku ngango aturan kaya mangkono, mbokmenawa mujahir, guramèh, lan sapanunggalané (kajaba kutuk, lho) iku bisa bareng-bareng karo petani tapa pépé ana ngarep Istana Merdhéka, protès marang sing mengku negara.

Oalah kutuuuuk…kutuk. Nasibmu kok ya apes temen. Isih mujur aku bisa nyawang awakmu sanajan banjur dakpangan kanggo sahur. Lha bocah-bocah ing ndhésaku saiki, mesthi wis kangèlan mbayangaké wujudé iwak kutuk. Wong tuwa-tuwa isih durung bakal kangèlan umpama anaké takon apa tegesé paribasan kutuk marani sunduk! Nanging, yèn nganti anaké njaluk dijlènthrèhi tembung siji mbaka siji, mesthi wong tuwa mau bakalé mung bisa njawab kanthi mènèhi conto, apa sing diarani sunduk nanging kangèlan mènèhi gambaran utawa katrangan babagan kutuk.

(Héhéhé… apa manèh kutuk, lha wong nyontoni lélé waé, paling pol ya mung lélé sintètis, yaiku lélé dhumbo, sing pakanané pèlèt, uga pakan sintètis gawéyan pabrik. Mula léléné lemu-lemu, gelis gedhé, nanging ora ana rasané jalaran kalah gurih yèn dibandhingaké karo lélé kalèn).

Yèn miturut panjenengan sadaya, pilihen salah siji waé saka tembung-tembung ing ngisor iki, endi sing paling diapali wong-wong jaman saiki:

  1. Kutuk marani sunduk,
  2. Kutuk marani tutuk, utawa
  3. (modhèl cak cilik) : Tutuk malani tutuk?

(Yèn aku, nomer loro sik banjur sing nomer telu. Nanging, yèn kepèpèt, diwalik uga ora dadi ngapa, nomer telu dhisik lagi sing nomer loro)

Tulisan iki wis kapacak luwih dhisik ana ing kene

Posted in Crita saka Sala, Kasunyatan | 4 Comments »

Kéwan Begja, Asu Sekti

Posted by caturan on September 5th, 2009

Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé.

Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan mung siji. Mula, ing sawijining dina, asu mau ditawakaké marang jagal sing ngiras pantes buka warung saté jamu lan sèngsu, tongsèng asu. Cekaké rembug, rega wis putus, kedadèyan kanthi perjanjèn sing nuku nyekel dhéwé. Sebab, sanajan asu ingon-ingon, nanging girasé ora mekakat, ora gampang dicekel.

Saking angèl olèhé nyekel, déning sing nuku (sebut waé asmané Karso Gawon), asu kuwi banjur digebug endhasé. Asu kaing-kaing, banjur mlayu mbrabat. Dijarké waé karo disawang, mbokmenawa bakal mati ing keboné tangga. Luput! Jebul asu kuwi ngilang. Rong dina asu ora ketok, Karso wis rumangsa genah tombok.

Mbahé kancaku banjur ngabari Karso sawektu weruh glibeté asu ing kebon mburi omah. Cèkat-cèket, Karso marani si asu kanthi nyangking lading mingis-mingis. Rasané wis getem-getem pingin énggal matèni asu kuwi. Ndingkik saka gandhoké Mbahé kancaku, Karso weruh yèn asu mau isih énak-énak ndhéprok ana ngisor tritisan.

Balung diuncalaké ana sacedhaké asu. Bareng wis rada keslimur, Karso Gawon nyedhaki asu kanthi tangan tengen nyekeli lading kang didhelikaké ana mburi geger. Durung bisa nyandhak kewané, asu wis nyoba éndha, pingin ngadoh. Ora sranta, lading gedhé sing mingis-mingis mau disabetake. Cress!!! Asu banjur mlayu, kaing-kaing kaya sambat yèn gulune godrès getih. Kaping pindhoné, Karso Gawon ketiwasan.

Ééé… kok ya ndilalah kersaning Allah, asu iku pancèn durung cedhak marang pepesthi. Limang dina sawisé dibabat lading, asu mau mulih kanthi kahanan gulu wis pulih. Kaya ora ana tatu, saka kadohan mung katon bélong.

Setengah gumun, separoné anyel banget. Karso Gawon ora kurang athikan, banjur nggunakaké jurus pamungkas. Ya, dhèwèké blanja apotas rada akèh! Apotas diracik nganti bener-bener ngrasuk ing daging sing bakalé kanggo pancingan. Pokoké, pikiré Karso Gawon, sepisan mangan bakal énggal mati ana kono uga. Wayah surup ramuan racun disebar ana kebon, ésuké wis bisa nggawa mulih wadhagé asu keparat mau.

Watara jam pitu ésuk, Karso Gawon mara ing keboné Simbahe kancaku. Dhèwèké kagèt, nyawang pitik pating klékar. Yèn dinalar, pitik-pitik kuwi ora bakal mati jalaran mangan daging sing wis diramu apotas. Surup mlebu kandhang, subuh nembe pada saba manèh.

Sepisan manèh, jebul dina iku dadi pengapesané Karso Gawon. Luwih saja rong puluh pitik sing mati, ora mung ana ing kebon´mbahé kancaku, nanging uga ana latar lan keboné tangga-tanggane.

Jebul, asu mau mutah-mutah sawisé mbadhog daging-apotas lan playon golèk papan dhelikan. Ana sadalan-dalan, utah-utahan asu mau dadi panganané pitik sing nembe waé metu saka kandhang, saba golèk pangan. Mula ora anèh, yèn utah-utahané asu dadi racun sing matèni pitik-pitik ing dhésa kuwi.

Ngracun asu sing njalari puluhan pitik dadi bathang, Karso Gawon banjur panèn unèn-unèn. Tangga-tanggane padha ngamuk, nesu, nyalahaké anggoné nggunakaké cara matèni asu kanthi ramuan apotas. Karso Gawon kapok. Dhèwèké ikhlas lan pasrah, ora ngarep-arep bisa nggawa mulih asu sing wis dituku. Dhuwit ilang ora sepira akèh, apa manèh yèn dibandhingaké marang ruginé tangga-teparo sing wis kélangan pitik. Apa manèh, bathangé pitik klebu karam. Didol ora payu, mangan ya ora ana sing doyan.

Pirang-pirang dina sawisé kedadèyan pitik mati, ana kabar kang nguciwani kanggoné Karso Gawon. Asu sing pirang-pirang dina dadi mangsa iku mati ketrunjang montor gedhé sawektu nyebrang lurung gedhé aspalan ing ngarep omahé Simbahe kancaku mau. Wektu itu, akèh wong sing nyeksèni, yaiku para tangga teparoné Simbahé kancaku sing lagi cepak-cepak arep tahlilan ana omah sangarepé, ing sebrang dalan.

Simbahé kancaku wis kebayar, Karso Gawon sing tombok. Sing ngrasakaé énaké daging lan getihé asu mung ana loro: aspal lan ban montor… Asuné dhéwé mecèdhèl, gèpèng lan tipaké rada lucu. Lulangé kelèt ana aspalan, mbentuk gambar asu lagi turu.

*) Matur nuwun kanggo Lik Jrabang, critamu ing Wisma Seni bengi iku njalari anané tulisan ini.

Tulisan iki wis kapacak ing Omah Gedhong-ku

Posted in Gayeng Kiyi, Kasunyatan | 2 Comments »

Kepacé Korban Bom Afghanistan

Posted by caturan on August 15th, 2009

Nyedhaki kenthong subuh, aku ngurupaké Fèsbuk. Mak jegagik! Aku weruh Kang Andi Riccardi onlèn. Aku rada nyicil ayem, sebab kanca sing wis kaya sedulur iku nembé waé cilaka, nampa pacoban saka Pangèran. Panser Stryker sing ditumpaki bareng-bareng karo tentara NATO ngidak bom, banjur njeblug. Wektu iku, Selasa (11/8) awan, dhèwèké mèlu patroli. Iring-iringan nganggo panser papat, sing dinunuti Andi ana ing urutan nomer loro. Mangkono ujaré Kang Andi.

Dhasar wong sableng, wis genah lara kaya kuwi, sing ana kéné bingung marang kahanané, éé… dhèwèké malah tilpun. Aku sing kuduné mapan turu, malah dadi melèkan. Mbokmenawa dhèwèké uga butuh kanca, wong Mbak Pingkan, garwané isih ana njero montor mabur karo Jeng Dessi, kanca sakantoré Kang Andi ing APTN.

Dhasaré ama pulsa, tilpun ana sejam suwéné, crita ngalor-ngidul. Aku mung ngrungokaké, suwarané gandhang, nanging mliyat-mliyut, sajaké amarga salurané ora pati apik. Ditakoni kahanané malah ngèkèk. “Awakku waras, tapi tulang rusukku kiwir-kiwir. Tapi tenang waé, ora krasa lara, kok. Awit Selasa, aku mangan obat sing bisa ngilangi rasa kelaran,” ujaré.

Sadurungé tilpun, Kang Andi chatting karo aku. Dhèwèké nganggo laptop, njaluk diwuruki carané upload tulisan ana NOTES Facebook-é. Aku njlèntrèhi carané, sebisaku. Ngerti-ngerti dhèwèké takon, yèn tilpun aku nèng nomer sing endi (dikirané aku duwé nomer akèh). “Nèng nomer biyasané waé, sing mburiné sèket papat,” jawabku.

Lumantar Fèsbuk, Kang Andi pingin crita pengalamané nampa alangan dina iku. “Aku kesel yèn kudu njawab siji-siji, embuh kuwi liwat tilpun apa nganggo èF-Bi. Mosok crita padha dibolan-balèni!” mangkono alesané pingin nulis pengalamané.

“Yèn wis daktulis, kanca-kanca lan sapa waé rak mung kari maca dhéwé. Aku kepenak, bisa ongkang-ongkang ana rumah sakit sing kaya hotèl bintang lima iki,” ujaré Andi. Ya, dhèwèké pancèn nyritakaké yèn saiki dirumat ana City Hospital, Dubai. Rabu ésuk, dhèwèké lan Emilio tekan kana.

“Rumah sakité kaya hotèl lan rèstoran. Sedhéla-sedhéla perawaté teka, yèn bar takon kahananku banjur nakokaké aku pingin mangan apa. Daftar menu diulungaké, kari milih sasenengé. Sakjané, aku pingin masakan Jawa, nanging angèl golèkané,” ujaré Andi, sing pirang dina sadurungé musibah ngaku pingin mangan indomi karo sambel pedhes.

“Mbak-mbaké ayu-ayu tur grapyak….. Uénak tenan rumah sakité,” ujaré, ngiming-imingi.

***

Dhèwèké banjur crita, yèn dina Selasa iku jan-jané wis males liputan. Mèlu patroli tentara, gambaré mesthi mung ngono-ngono waé. Wong ya bola-bali Andi, sing ora seneng nggambar utawa shooting kahanan biasa-biasa waé. “Tapi aku mesakaké Emilio, ijèn nèng panser ora ana kanca guneman. Mulané aku banjur budhal, niyaté ngancani waé,” ujaré Andi.

Cekaké rembug, panser sing momot Andi lan Emilio, tukang potoné kantor berita Associated Press sing tugas ana Pakistan, iku ngidak bom. Ranjau dharat sing dibasang déning tentara Taliban. Njeblug banter banget, dhèwèké sing keturon banjur njenggirat. Apa manèh, miturut critané Andi, ana sikil tiba ana pundhaké. Basan disingkiraké, jebul sikil sing ucul saka badané wong, embuh sing endi. Ana sajeroning panser, ana wong pitu. Sing loro tukang mbedhil, manggoné ana ngarep dibantu déning tukang nyepakake peluru.

Andi lan Emilio lungguh adhep-adhepan, adu dhengkul saking ciuté papan lungguhan. Jèjèré sakloron, ana kaptèn lan lètnan NATO, sing jebul padha kélangan kabèh sikilé. Déné Emilio, kelangan sikil siji. Andi ora crita, sikil kiwa apa tengené.

“(Nèng njero panser) wong papat, lungguh adu dhengkul, ranjau meledak nèng ngisoré. Sing 2 tugel kabeh sikilé. sing siji tugel siji, sing sijine mung tulang rusuké tugel 3….Endi sing sekti?” ujaré Andi. Tetep kanthi cengèngèsan.

“Coba sangu keris, sok awakmu waras-wiris,” jawabku sekacandhaké, karo cengèngèsan.

“Iya, ya. Ndilalah aku ya ora sangu keris Brajamukti,” jawabé kanthi ngèkèk.

***

Andi pancèn wartawan édan sing dakngertèni. Ora duwé udel, sebab ora tau katon kesel. Ora duwé wedi, jalaran tau crita yèn aja-aja Gusti Allah maringi nyawa rangkep telulas. Anané crita kaya kuwi, dhewèké kerep banget slamet saka bebaya. Embuh kuwi ana perang Irak, Ambon, Timor Lèsté, Afghanistan lan liya-liyané. Kamangka, taun 2000 kepungur, gegeré wis kelebon peluruné tentara Afghan. Kamangka, kerep banget dhèwèké nyipati kancané tumeka ing pati, embuh kena peluru utawa kejeblugan granat lan bom.

Saiki, dhèwèké wis rada ngrasakaké luwih kepénak ana Dubai. Ketemu rumah sakit apik, dokter apik lan perawat sing nyambi dadi waitress.

Oh, iya. Mèh ana sing cèwèt. Wingi, dhèwèké ketekan petugas saka Konsul Jénderal Rekiblik Éndonésa. Takon ngalor-ngidul, banjur nakokaké apa sing bisa dibantu. Nanging, sadurungé ngomong akèh, petugas mau crita ora bisa mbantu luwih yèn perawatané ana rumah sakit kuwi. Bareng ditlesih, jebul amarga kuwi rumah sakit larang, lan KJRI ora duwé anggaran.

“Ora usah mikir bayaran rumah sakit, Pak. Kabèh wis ditanggung kantorku!” ujaré Andi.

Krungu jawaban mangkono, petugas mau banjur sumringah. “Liyané kuwi, apa sing bisa dibantu?”

“Yèn ana, aku nyuwun témpé waé,” jawabé Andi. Penjalukan sepélé katoné, nanging gandhèng ana Dubai ora ana wong ngidak-idak dhelé, mesthiné ya dadi méwah jalaran langka. Eéé…  ndilalah kok ya keturutan. Andi lega. Seneng ketemu panganan saka Jawa. (Dhasar ilat ndhésa!)

Petugas mau banjur cekrak-cekrèk, motrèti Andi. Mbokmenawa kanggo lapuran ana kantoré, ing Départemèn Luar Negeri.

***

“Wah, apik kuwi, Kang… Mengko, tulisen nèng èF-Bi nganggo cara kaya awakmu crita karo aku ngéné iki. Bèn padha ngerti jlèntrèhé,” ujarku.

“Asem, ki! Lha wong chatting waé aku males, apa manèh kok crita pengalaman nganggo wujud tulisan. Anané aku tilpun awakmu ki supaya kowé banjur nggawèkaké tulisan kanggo aku. Dadi, aku mung kari ngopi nèng Fèsbuk-ku,” ujaré.

Aku mlongo….. Mata sing wis krasa sepet jalaran ngantuk banget, dadi padhang. Kamangka latar wis kétok njingglang. Aku kelap-kelip, bingung mbayangaké piyé nulisé……


Tulisan rada jangkep, ana foto-foto korban, bisa dipirsani ana omah sebelah

Posted in Kasunyatan | 1 Comment »